PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ayuk Findi Antika (AFA), warga Dusun Mekarsari, Desa Sudimoro, Kecamatan Sudimoro, Kabupaten Pacitan, dadi tersangka tiwase Muhammad Risqhi Saputra (MRS). Alesane bakal dijlentrehake ing tulisan iki.
Durung 40 dinane MRS bali menyang jaman kalanggengan. Kulawargane ing Dusun Mekarsari, Desa Sudimoro, Kecamatan Sudimoro, Kabupaten Pacitan, isih durung bisa nglalekake lungane remaja umur 14 taun kuwi.
Luwih-luwih ibune, Sukatmini. Apa meneh tiwase murid kelas VIII madrasah tsanawiyah (MTs) kuwi nganggo cara tragis. Sawise ngombe kopi sing diracuni sianida.
‘’Aku nyambut gawe dadi ART (asisten rumah tangga) neng Surabaya. Lagi bali limang dina sadurunge kadadean. Saiki anakku lanang wis ora ana,’’ kandhane Sukatmini karo mbrebes dhek wingi (6/2).
MRS tiwas jalaran diracun AFA, tanggane sing wis dianggep kayadene sedulur dhewe, Jemuwah (5/1) kepungkur. Kasus rajapati iki kabukak amerga Sukatmini kelangan duwit Rp 32 yuta.
Kertu ATM lan buku tabungane ilang lan isine dibobol, Kemis (4/1) kepungkur. Kadadean iki banjur dilapurake neng Polsek Sudimoro. ‘’Wengine pulisi teka neng omah,’’ tuture Tuari, bapane MRS.
Sadurunge, Tuari lan Sukatmini ora ngira yen sing nyolong duwite AFA. Nanging, AFA sing keweden amerga ana pulisi teka neng omahe tanggane kuwi banjur nggawe rencana luwih jahat.
Dheweke sengaja duweni niyat arep merjaya pati kaluwarga kuwi amrih tumindake nyolong ora konangan. Wong wadon 26 taun kuwi uga wis nyedyakake racun sianida sing dituku liwat online.
Jemuwah (5/1) esuk, AFA mertamu menyang omahe Tuari. ‘’Aku ngecong kopi rong gelas. Sing siji tak ombe dhewe, sing sijine meneh tak seleh neng pawon kanggo anakku,’’ ujare Tuari.
Tanpa diweruhi sing duwe omah, AFA nyebar racun ing gelas kopi sing ana neng pawon. Diduga, sing disasar Tuari utawa Sukatmini. Nanging, kopi kuwi disruput MRS sadurunge mangkat sekolah.
Ora let suwe, MRS lemes, ambruk, kejeng-kejeng, mutah-mutah, nganti semaput. Kewekton diplayokake menyang Puskesmas Sudimoro. Nanging kadhisikan ilang nyawa sadurunge teka enggon.
Angen-angene bocah sing ora nate neka-neka kuwi dadi tentara sirna sanalika. Sukatmini lara ati yeng eling kadadean kuwi.
‘’Kamangka yen (AFA) njaluk tulung, mesthi bakal tak tulung. Nanging kok malah tegel karo kulawargaku,’’ pitakone ora percaya.
Penyidik Polres Pacitan wis netepake AFA dadi tersangka kasus iki. Dheweke dijiret pasal pembunuhan berencana. Ancaman pidanane ukuman mati utawa penjara saumur urip utawa paling suwe 20 taun. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono