MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Ora ketok wiwit dina coblosan Pemilu 2024, Rebo (14/2) kepungkur, Soleman, warga Desa Kincang Wetan, Kecamatan Jiwan, Kabupaten Madiun, ditemokake wis dadi mayit neng jero omahe.
Kira-kira jam 09.00, Minggu (18/2) dhekwingi, ana alah siji warga RT 70, RW 12, Desa Kincang Wetan, mambu bathang saka omahe lanjut usia (lansia) 76 taun kuwi.
Nalika diinceng saka cendela, jebule ana mayit neng jero omah kuwi. Kabar iki banjur dilapurake menyang ketua rukun tetangga (RT) kono.
Baca Juga: Empat Hari Tak Ada Kabar, Warga Kincang Wetan Madiun Ini Ditemukan Meninggal di Dalam Rumah
Warga nyebutake menawa pethuk Soleman pungkasan nalika nyoblos Pemilu 2024 ing tempat pemungutan suara (TPS) sing ana cedhak omahe.
Wektu kuwi, adine korban uga neng omahe saperlu mbenerake kompor gas. Korban pancen urip dhewe merga anake omah-omah neng Bandung, Jawa Barat.
Korban uga crita adine yen suwe lara untu. Kira-kira wis sewulan ora bisa mangan merga larane iki.
Pulisi sing oleh lapuran langsung teka neng tempat kejadian perkara (TKP) kanggo nyelidiki kadadean iki.
Asile, ora ditemokake tandha-tandha kekerasan ing awake Soleman. Pihak kulawarga uga nerangake yen korban ora duwe riwayat penyakit abot.
‘’Asil penyelidikan sementara, kira-kira korban wis ninggal donya wiwit patang dina sadurunge ditemokake,’’ kandhane Kapolsek Jiwan AKP Danar Suntaka. (mg1/her)
Editor : Satmiko Supraptono