Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ngawi Lumbung Pangan Jatim lan Nasional, nanging Wargane Kudu Antri Tuku Beras Murah

Satmiko Supraptono • Selasa, 20 Februari 2024 | 15:00 WIB
GOLEK MURAH: Puluhan warga ngenteni neng ngarep kios beras PBN sing durung bukak saperlu oleh beras murah. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
GOLEK MURAH: Puluhan warga ngenteni neng ngarep kios beras PBN sing durung bukak saperlu oleh beras murah. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Ngawi – Kabupaten Ngawi kondhang karan lumbung pangan Jawa Timur lan nasional. Nyatane, sabagean wargane direwangi antri rong jam setengah amrih bisa tuku beras murah.

Bebasan pitik mati neng lumbung pari. Iki kena kanggo ngambarake kahanan saperangan warga Ngawi sing meh kayadene paribasan kuwi.   

Puluhan warga katon lemes. Kabeh kepeksa padha antri ngenteni neng ngarep kios beras sing durung bukak ing Pasar Besar Ngawi (PBN).

Wiwit jam 05.30 esuk. Kamangka kios beras kuwi bukake kira-kira jam 08.00. Dadi, kudu ngenteni kurang luwih rong jam setengah.

‘’Tak rewangi ninggal omah, ninggal anak supaya bisa oleh beras murah,’’ kandhane Rini Kustiani, warga Kelurahan Ketanggi, Kecamatan Ngawi, dhekwingi (19/2).

Rini kepeksa ninggalake pakulinane saben esuk, nyiapake sarapane bojo lan anake. Saperlu amrih bisa tuku beras program stabilisasi pasokan harga dan pangan (SPHP).

Alesane rega beras saiki larang banget. Sekilo Rp 16 ewu nganti Rp 17 ewu. Meh kabeh sing antri ibu-ibu. Ana sing nganti keturon neng mester.

Kabeh kuwatir ora kebagian beras SPHP sing regane Rp 54.500 sak kantong plastik isi limang kilo. Utawa Rp 10.900 sekilone.

Kira-kira jam 08.15, Bagus Widiantoro, pedagang beras sing ditungu-tunggu mbukak kiose. Sanalika diserbu ibu-ibu.

Stok neng tokone mung 50 kantong. Kurang saka rong jam langsung entek. Miturut dheweke, saiki angel ngolehake beras SPHP saka bulog.

Kadhangkala dheweke mesakake warga sing antri  neng kiose. Merga mesthi ana sing ora kebagean. ‘’Sok ya ana sing protes, nanging piye meneh, barange pancen susah,’’ sambate. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#beras murah #lumbung pangan #ngawi #jawa timur #nasional