Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wis 279 Taun Bupati Pacitan Mas Aji Durung Yakin Dina Ngadege Kabupaten Pacitan

Satmiko Supraptono • Selasa, 20 Februari 2024 | 18:45 WIB
ISIH DIGOLEKI: Prosesi seremoni mengeti Hari Jadi Ke-279 Kabupaten  Pacitan dhekwingi (19/2/2024). (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)
ISIH DIGOLEKI: Prosesi seremoni mengeti Hari Jadi Ke-279 Kabupaten Pacitan dhekwingi (19/2/2024). (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Senen (19/2/2024) wingi, Kabupaten Pacitan genep 279 taun umure. Nanging Bupati Pacitan Indrata Nur Bayuaji durung yakin dina ngadege kabupaten sing dipimpin iki.

Mula dheweke mrentahake ngisorane uga nglibatake para pakar nggoleki asal-usul salah sawijine kabupaten ing Jawa Timur sisih kulon iki .    

Salah sijine nggawe  tim penelusur sejarah (TPS) sing dipimpin Sekretaris Daerah (Sekda) Pacitan Heru Wiwoho lan wis nyambut gawe wiwit setaun kepungkur.

Baca Juga: Ngawi Lumbung Pangan Jatim lan Nasional, nanging Wargane Kudu Antri Tuku Beras Murah

‘’Tim iki wis nyambut gawe lan asile wis nyedhaki 90 persen,’’ kandhane Mas Aji, timbalane bupati, sawise seremoni hari jadi ing Pendapa Mas Tumenggung Djogokarjo Pacitan.

Hari jadi Kabupaten Pacitan sing saiki diugemi dhasare jumenengan Raden Tumenggung Notopuro minangka bupati kapisan. Yakuwi 19 Februari 1745.

Wektu kuwi punjere pemerintahan ana ing Dusun Rejoso, Desa Sukoharjo, Kecamatan Pacitan (Kota). Nanging, saperangan pawigati sejarah nyebutake yen ana rujukan liyane.

Salah sijine saka literatur Tiongkok sing nyebutake ing abad 12 ana panggonan karan Pai Hua Yuan. Aran iki ngarah ing salah siji tlatah pesisir kidul Jawa sing diyakini Pacitan saiki.

Baca Juga: Ora Ketok Wiwit Coblosan Pemilu 2024, Lansia ing Kabupaten Madiun Ditemokake Wis Dadi Mayit

Sawetara sejarah liyane nerangake yen Pacitan ana wiwit Kraton Demak liwat Bathoro Katong mbabad alas Ponorogo nganti pesisir kidul sing arupa pagunungan sing durung nate dijamah manungsa.

‘’Kari siji bukti pendukung sing perlu dirembug. Nunggu tim mesthekake lan uga perlu sarasehan publik. Saengga asile bisa dadi khazanah kanggo Pacitan,’’ jarene.

Ing tembe mburine, isih miturut Mas Aji, bisa wae kabupaten iki duwe luwih saka siji hari jadi. Malah kuwi bisa nambah kekayaan budaya lan sejarah Pacitan.

‘’Bisa uga ambal warsa dipengeti kaping pindho setaun. Tanggal sing anyar bisa disukuri kanggo mujudake yen ana sejarah anyar ing Pacitan,’’ kandhane. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #19 Februari #Indrata Nur Bayuaji #279 #bupati pacitan