Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kasus Mark Up Kredit BPR Kota Madiun, Pulisi Wis Mreksa Loro Mantan Direktur Utama

Anggiyan Bayu • Rabu, 6 Maret 2024 | 13:00 WIB
DURUNG RAMPUNG: Kasatreskrim Polres Madiun Kota AKP Sujarno kandha yen kasus mark up kredit BPR isih diselidiki. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
DURUNG RAMPUNG: Kasatreskrim Polres Madiun Kota AKP Sujarno kandha yen kasus mark up kredit BPR isih diselidiki. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kasus dhugaan mark up (mlembungake) pinjaman alias kredit nasabah ing Perumda BPR Bank Daerah Kota Madiun mlaku terus.

Penyidik tindak pidana korupsi (tipikor) Polres Madiun Kota butuh wektu suwe kanggo mbukak kasus sing wis diselidiki wiwit taun 2023 kepungkur iki.

Malah 148 saksi wis dijaluki katarengan. Pungkasan, loro mantan direktur utama (dirut) bank perkreditan rakyat (BPR) duweke Pemkot Madiun iki uga dijaluki katerangan.

Yokuwi, Sugeng Mukti Wibowo lan Ahmadu Malik Dana Logistia. ‘’Kabeh dipreksa minangka saksi Januari kepungkur,’’ kandhane Kasatreskrim Polres Madiun Kota AKP Sujarno dhekwingi (4/3).

Loro-lorone dijaluki katerangan merga kasus iki kedaden nalika isih njabat dirut. Pelakune, didhuga salah siji mantan account officer (AO) Perumda BPR Bank Daerah Kota Madiun.

Moduse, mlembungke pinjaman kredit nasabah. Upamane, ngajokake utang Rp 25 yuta ing buku pencatatan kredit dicathet Rp 100 yuta. ‘’Tak upayakake munggah penyidikan taun iki,’’ janjine.

Pihake uga wis koordinasi karo Badan Pengawasan dan Pembangunan (BPKP) Jawa Timur. Uga bakal njaluk katerangan Otoritas Jasa Keuangan (OJK). ‘’Sacepete menyang OJK,’’ kandhane. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#Direktur Utama #kasus #kota madiun #Mark Up #bpr kota madiun