PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Sedina dhekwingi (7/3) ana kadadean bunuh diri (nglalu) ing tlatah Kecamatan Arjosari, Kabupaten Pacitan, kaping pindho.
Kapisan ing Dusun Tenggaran, Desa Gembong. Ernawati, wong wadon umur 44 taun, nglalu nganggo cara gantung diri (ngendhat).
Kadadean iki kawitan diweruhi anake, Fuad Kurniawan. Nalika tangi turu kira-kira jam 05.30, dheweke ora pethuk ibune.
Fuad banjur menyang pawon arep nggawe wedang teh. Dheweke nemokake salembar kertas sing isine tulisan tangane ibune.
Fuad banjur nggugah bapake sing isih turu saperlu nggoleki ibune. Nalika mbukak lawang pawon, Fuad weruh ibune ngendhat neng wit klengkeng mburi omah nganggo jarit.
‘’Anake sanalika bengok-bengok ngundang bapake. Banjur kalorone mudhunake mayite saka gantungan,’’ kandhane M Janki Dausat, kepala dusun kono.
Isi layange Ernawati, dheweke njaluk pangapura merga wis nyusahake kulawarga. Uga mesakake bojone sing golek kaya mung kanggo nambani larane.
Ing pungkasane surat, Ernawati meling marang Fuad yen sragam sekolahe wis dipindah neng lemarine.
Ernawati didhuga putus asa merga penyakit insomnia sing disandhang wiwit telung taun kepungkur ora mari-mari.
Kadadean kapindho ora let suwe. Muhammad, wong lanang 52 taun, warga Dusun Sinoman, Desa Jatimalang, uga ditemokake ngendhat.
Nalika kuwi, Katmono tanggane Muhammad lagi liwat. Kira-kira saka jarak 25 meter dheweke weruh Muhammad neng wit nangka.
Katmono kober takon apa tanggane kuwi lagi golek pakan ternak. Nanging ora ana wangsulan.
Katmono banjur nerusake lakune. Luwih cedhak saka sisih sing beda, dheweke deleng tanggane kuwi jebule ngendhat nganggo jarit.
Pulisi wis teka ing loro tempat kejadian perkara (TKP) iki. Saliyane njaluk katerangan para saksi uga njaluk mayit kalorone divisum.
‘’Ora ditemokake tandha sisa tatu ing awake korban,’’ kandhane Kapolsek Arjosari Ipda Ferry Ardyanto. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono