NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Ora mung kasus perceraian (pegatan) sing isih dhuwur ing Kabupaten Ngawi, pernikahan dini semono uga.
Sajake bocah saiki saya kendel kawin. Malah sabagean wis wani kawin dhisik sadurunge rabi resmi.
Kantor Kementerian Agama (Kemenag) Kabupaten Ngawi nyathet, 2023 wingi ana 174 pasangan sing ngajokake dispensasi nikah (diska).
Miturut Kasi Bimas Islam Kantor Kemenag Ngawi Chusnul Amin, alesane ana loro. Merga karepe wong tuwa lan meteng dhisik.
Chusnul nerangake yen sabagean wong tuwa isih nganggep lumrah ngrabekake anake sing isih mambu kencur.
Alasane merga ora pengin anak wadone meteng dhisik amrih ora disawang negatif tangga teparo. ‘’Ana pengaruh stigma sosial,’’ kandhane Chusnul dhekwingi (10/3)
Kemenag uga wis ngupayakake mbimbing pasangan calon pengantin (catin).
Bimbingan perkawinan lan pendewasaan usia nikah uga penting kanggo remaja.
Chusnul nambahi, pernikahan ing usia mateng uga bisa nyegah stunting.
Merga pasangan luwih siap fisik lan mentale anggone ngopeni anak. Saengga, bisa lair normal lan ora ngalami gangguan pertumbuhan.
‘’Mateng secara usia, finansial lan emosional, kanggo mbangun kulawarga sing harmonis,’’ tuture. (sae/cor)
Editor : Satmiko Supraptono