Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Waspada! Serangan Demam Berdarah Dengue neng Kabupaten Pacitan Saya Ndadi

Satmiko Supraptono • Rabu, 13 Maret 2024 | 18:00 WIB
TIDAK EFEKTIF: Petugas Dinkes Pacitan melakukan pengasapan pada kawasan yang terdapat kasus DBD beberapa waktu lalu. (DOKUMEN/RADAR PACITAN)
TIDAK EFEKTIF: Petugas Dinkes Pacitan melakukan pengasapan pada kawasan yang terdapat kasus DBD beberapa waktu lalu. (DOKUMEN/RADAR PACITAN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Warga Kabupaten Pacitan wajib waspada marang wabah demam berdarah dengue (DBD) ing mangsa rendheng iki.

Merga ana kacenderungan cacahe penderita jalaran gigitan nyamuk aedes aegypti iki saya ndadi. 

Dinas  Kesehatan (Dinkes) Kabupaten Pacitan nyathet nganti minggu kasepuluh 2024 iki wis ana 73 kasus.

‘’Kasuse nyebar rata meh ing kabeh kecamatan,’’ kandhane Kepala Bidang Pencegahan dan Pengendalian Penyakit (P2P) Dinkes Pacitan Nur Farida wingi (12/3). 

Kanggo pambandhing, Januari-Mei 2023 kepungur kacathet 64 kasus. Sadawane taun 2023 total ana 221 kasus DBD.

Sawetara Januari-Februari 2024 iki wis ana 73 kasus. Mayoritas pasien DBD uga isih umur bocah.

Miturut dheweke, salah siji jalaran munggahe kasus merga cuaca saiki ndukung perkembangbiakan nyamuk.

‘’Pirang-pirang wektu kepungkur ana El Nino, saiki genti kerep udan. Dadi, suhu lan cuaca mengaruhi perkembangan nyamuk,’’ jarene.

Pihake ora leren-leren anggone meling marang warga supaya luwih sregep nindakake pemberantasan sarang nyamuk (PSN).

Uga sosialisasi ngetrepake perilaku hidup bersih dan sehat (PHBS). ‘’Penanganan DBD ora cukup mung ngandelake fogging utawa pengasapan,’’ sebute.

Merga fogging mung mateni nyamuk dewasa. Keluke uga ngandhung racun sing mbebayani kanggo manungsa.

Saengga kanggo jangka dawa ora apik tumrape kesehatan. Nanging yen PSN lan PHBS bisa ngubah pakulinane masyarakat supaya njaga kebersihan lingkungan.

‘’Fogging ditindakake miturut kriteria, yakuwi yen ditemokake siji utawa luwih penderita DBD, uga ditemokake uget-uget luwih saka lima persen ing siji panggonan,’’ kandhane negesi. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #dinkes pacitan #dbd #wabah #DEMAM BERDARA DENGUE