Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Masjid Alet Bandulan Pacitan Dibangun minangka Tamba Kangen mring Masjid Nabawi

Satmiko Supraptono • Minggu, 17 Maret 2024 | 19:00 WIB
KAYA MINIATUR: Masjid Alet Bandulan, Pacitan, sing memper Masjib Nabawi, Madinah, Arab Saudi.  (NUR CAHYONO/RADAR PACITAN)
KAYA MINIATUR: Masjid Alet Bandulan, Pacitan, sing memper Masjib Nabawi, Madinah, Arab Saudi. (NUR CAHYONO/RADAR PACITAN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun  – Ana mesjid sing kerep dadi jujugane para wisatawan neng Kabupaten Pacitan.

Mesjid iki dibangun memper Masjid Nabawi ing Madinah, Arab Saudi. Jenenge Masjid Alet Bandulan.

Merga mesjid iki ana ing Dusun Bandulan, Desa Ploso, Kecamatan Punung, Kabupaten Pacitan.

Mesjid iki dibangun Agus Sarmanto ing taun 2017-2018 kepungkur. Omah ibadah iki patut yen disebut miniature Masjid Nabawi.

Idhene pancen ngadopsi gaya arsitektur mesjide Nabi Muhammad SAW ing Kutha Madinah, Arab Saudi.

Ragat pembangunane kira-kira  Rp 2 milyar. ‘’Kanggo tamba kangen mring Masjid Nabawi,’’ kandhane Agus wingi (15/3).

Jeneng Alet dipilih merga ukurane cilik (alit). Lawang utamane dipaesi kaligrafi werna kaemasan sing katon endah.

Ing jerone mesjid iki uga dikompliti lampu hias artistik. Mestere saka marmer lan granit kelas wahid.

Ing platarane mesjid dipasang payung hidrolik sing ambane 20 meter pesagi memper iyub-iyupane Masjid Nabawi.

‘’Pancen digawe memper kaya asline, amrih tansah kelingan Masjid Nabawi,’’ sambunge.

Ora mung wujud bangunane, ing platarane uga ditanduri wit kurma saengga saya nambahi kenthele swasana Timur Tengah.

Sanajan ing plosok padesan, merga memper Masjid Nabawi agawe akeh wisatawan sing nekani kanggo ngibadah lan wisata religi.

‘’Sing akeh ibu-ibu  sing wis nate umrah,   motivasine padha karo aku, nambani kangen mring Masjid Nabawi. Yen Ramadan ngene iki saya akeh sing teka,’’ Agus mungkasi critane. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #wisatawan #madinah #masjid nabawi #arab saudi