NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Warga Desa Bringin, Kecamatan Bringin, Kabupaten Ngawi, ditemokake mati neng amben paturone.
Suminten, wong wadon 64 taun, kuwi ditemokake wis tanpa nyawa lan ana tali saka jarit neng gulune.
Miturut katerangane Parsi, 67 taun, bojone korban, Suminten ninggal donya merga nglalu (bunuh diri).
‘’Lapuran kawitan saka masyarakat, korban ngendhat (gantung diri). Nanging ana sing nyalawadi,’’ kandhane Kapolsek Bringin AKP Suyitno wingi (18/3).
Kuwi diweruhi nalika petugas Satreskrim Polres Ngawi lan Polsek Bringin nindakake olah tempat kejadian perkara (TKP).
Posisi korban wis neng amben. Saliyane kuwi, jarit sing dienggo ngendhat uga isih ana neng gulune korban.
Sing nyleneh, tali jirete ana ing gulu ngarep. ‘’Yen nyata-nyata ngendhat, tali jiret kudune neng gulu mburi,’’ jarene.
Kaanehan iki uga dikuwatake visum kawitan saka petugas medis. Asile ora ditemokake tandha jiretan lan tatu ing tengkorak gulune korban.
Petugas medis nemokake kuping kiwa lan tengen korban ngetokake getih. Saengga, didhuga akibat anteman benda tumpul.
Adhedhasar iki, pungkasane pulisi ngamanake Parsi. Sawetara mayite korban digawa menyang RSUD dr Soeroto Ngawi kanggo diotopsi.
Pulisi uga ngamanake tali kain lima sing ana neng gulune korban minangka barang bukti. Pulisi uga wis njaluk katerangan saka pirang-pirang seksi.
Sawetara Harjo, salah siji warga, kandha yen nalika Parsi njaluk tulung, posisine korban wis ngglethak neng amben.
Warga uga nemokake ana sing nyalawadi. ‘’Parsi lan bojone mung urip wong loro, uga warga anyar neng kene,’’ kandhane. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono