PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun - Panyebaran Islam ing bumi Kabupaten Pacitan ninggalake jejak sejarah.
Salah sijine, Masjid Tiban Nurul Huda ing Desa Tanjung Puro, Kecamatan Ngadirojo.
Mejid iki diyakini minangka tinggalane Sunan Gesang, salah siji muride Wali Sanga, Sunan Kalijaga.
Sanajan ora ana sejarah sing nyathet ing buku, nanging akeh crita babagan asal-usul mejid iki.
Salah sijine, muncule jeneng Ki Ageng Bandung. Wong kapercayaane Adipati Ponorogo iki disebut-sebut sing kapisanan nemokake mejid iki.
Citane, nalika mbabat alas, Ki Ageng Bandung krungu manuk ngoceh sing swarane endah banget.
Dheweke banjur nggoleki manuk kuwi nganggo gethek turut kali. Nalika leren neng ngisor wit tanjung kembar, dheweke nyawang manuk sing mencok neng wit kuwi.
Jebule, cedhak wit kuwi ana omah joglo lan mejid sing dibangun nganggo bata lan empyake saka alang-alang.
Crita iki diyakini minangka cikal-bakal jenenge Masjid Tiban. ‘’Dadi sing nemokake kapisan Ki Ageng Bandung,’’ kandhane Muhidin, ketua takmir mejid iki, wingi (20/3).
Sanajan wis kopang-kaping didandani (rehab), nanging ciri khas mejid kuna iki isih dilestarekake.
Yakuwi, cagak mejid saka kayu jati sing cacahe papat. Malah tilas tatahan sing isih kasar sengaja ora dielus kaya asline.
Semono uga kayu ukiran sing ndlojor neng ndhuwure. Kabeh bagean kayu kuwi mung dicet werna coklat.
Masjid Tiban Nurul Huda ora nate sepi. Ruang utama tansah kebak jamaah salat limang waktu.
Malah, saben Jemuwah, jamaah Salat Jumat mbludak nganti ruang ngarep. Uga wayah wengi wulan Ramadan, nalika Salat Taraweh.
Muhidin nambahi ing sasi-sasi kusus ruang tengah mejid kerep dienggo jujukan jamaah sing wiridan lan dikir.
Sing akeh dipilih ngisore rangka kayu. ‘’Panggonane tenang, ayem. Akeh jamaah sing dikir neng kene nganti suwe,’’ Muhidin mungkasi critane. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono