Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nem Kubah Mesjid Quba Kabupaten Madiun Panggah Putih nganti Idul Fitri

Loditya Fernandes • Jumat, 22 Maret 2024 | 20:30 WIB
NUNGGU WEKTU: Nem kubah Masjid Quba, Kabupaten  Madiun, durung digenti nganti Idul Fitri mengko. (LODITYA FERNANDEZ/RADAR MADIUN)
NUNGGU WEKTU: Nem kubah Masjid Quba, Kabupaten Madiun, durung digenti nganti Idul Fitri mengko. (LODITYA FERNANDEZ/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Angen-angene warga Kabupaten Madiun ndeleng Masjid Quba ing alun-alun Caruban tampil beda ing Idul Fitri mengko angel kawujud.

Jalarane, proyek fisik nggenti nem kubah saka glass reinforced concrete (GRC) dadi tembaga durung ditandangi.

Kamangka, proyek iki wis disiapake wiwit Januari kepungkur. Nanging gawean fisike durung diwiwiti.

Iki kandhane Kabid Cipta Karya Dinas Pekerjaan Umum dan Penataan Ruang (DPUPR) Kabupaten Madiun Rika Mekar Gumilang.

Miturut Rika, kahanan sing kurang negepenakake iki merga ana penyesuaian harga satuan karo jinise pengadaan.

Lagi taun wingi pengadaan pekerjaan konstruksi nggunakake sistem e-purchasing. Beda karo sistem lelang, pihake bisa milih penyedia.

Apameneh pejabat pembuat komitmen (PPK)-ne uga anyar, saengga isih kagok. ‘’Isih persiapan proses pengadaan,’’ jarene wingi (21/3).

Rencanane,  pengadaan arep di-launching nganggo sistem baru kuwi. Angen-angene, Maret akir utawa April awal bisa dilaksanakake.

Sawise kuwi lagi teken kontrak lan gawean fisik diwiwiti. ‘’Dadi, Idul Fitri mengko durung ana kubah anyar,’’ kandhane negesi.

Kanggo kawruh, kabeh kubah Masjid Quba neng komplek Pusat Pemerintahan Kabupaten Madiun ing Caruban kuwi arep digenti.

Ora ana meneh sing kelir putih. Kabeh kubah mejid sing dibanggakake warga Kabupaten Madiun iki bakal digenti tembaga kaya kubah utamane.

Alesane, merga kubah lawas bocor. Anggaran sing disiapake Rp 2,5 miliar kanggo ngganti nem kubah cilik kuwi. (odi/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#DPUPR #kubah #Masjid Quba #madiun #alun-alun