Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kasus Dhugaan Rajapati sing Dilapurake Nglalu neng Kabupaten Ngawi, merga Ana Faktor Kemiskinan?

Satmiko Supraptono • Jumat, 22 Maret 2024 | 22:52 WIB
PITA PULISI: Omahe pasutri lansia miskin neng Desa/Kecamatan Bringin, Kabupaten Ngawi. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
PITA PULISI: Omahe pasutri lansia miskin neng Desa/Kecamatan Bringin, Kabupaten Ngawi. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Kasus dhugaan rajapati (pembunuhan) sing dilapurake bunuh diri (nglalu) neng Desa/Kecamatan Bringin, Kabupaten Ngawi, mbukak crita liya.

Pasangan suami-istri (pasutri) lanjut usia (lansia) Parsi, 67 taun, lan Saminten, 64 taun, ing kasus iki klebu kulawarga miskin. 

‘’Pasutri iki nampa bantuan permakanan sing cair wiwit Maret iki,’’ kandhane Kepala Desa Bringin Puji Rahayu wingi (21/3).

Puji nambahi, pasutri iki klebu penerima bantuan telung sasi nganti wulan Mei mengko.

Program jaring pengaman sosial (JPS) saka Pemkab Ngawi iki kanggo lansia lan difabel. Saben dina oleh mangan kaping pindho.

Nanging pasutri sing manggon neng Dusun Bringin 2 kuwi durung mlebu penerima bantuan pangan non tunai (BPNT).

Mula pemerintah desa (pemdes) ngupayakake pasangan lansia kuwi oleh bantuan. Contone saka yayasan utawa pihak katelu.

‘’Yen ana bantuan mesthi disalurake. Mayoritas bantuane arupa sembako,’’ jarene. 

Miturut cathetane, wis meh rong taun pasutri lansia kuwi manngon neng Desa Bringin. Kaloone ora nyambut gawe lan mung ngandelake bantuan.

Omah sing dienggoni semipermanen neng lemahe ponakane. Sadrurunge Pasutri iki nante melu transmigrasi neng Kalimantan.

Kira-kira lagi rong taun iki bali neng Ngawi. ‘’Saka pemdes ora kurang yen menehi wigati,’’ Puji mungkasi kandhane.

Baca Juga: WARTA JAWA | Nyalawadi, Warga Ngawi Dilapurake Mati Ngendhat, Pulisi Ora Percaya Ngono Wae

Kanggo kawruh, sadurunge Saminten dilapurake mati merga gantung diri (ngendhat).

Nanging pulisi nemokake ana sing nyalawedi nalika nindakake olah tempat kejadian perkara (TKP).

Pulisi ndhuga Saminten korban rajapati. Sawetara Parsi, bojone dhewe, sing dicurigai minangka pelakune diamanake pulisi. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pasutri #bantuan permakanan #ngawi #pasangan suami istri #pembunuhan