Dening SUPRAWOTO*
SABEN tahun rikala mlebu sasi Pasa, aku yakin para maos mesthi nduweni cathetan dhewe-dhewe kang uga endah. Semono uga aku. Sasi Pasa, rikala iku aku isih urip ana desaku.
Bener nambet banget ana atiku, ngalami pasa ana desa rikala isih sekolah ana SR nganti SMP. Lan aku lagi metu saka desaku, rikala aku sekolah ana SMA amarga kudu kost ana ing kutha Magetan.
Rikala isih cilik biyen, ing desaku nganti lulus SD durung akeh langgar. Apamaneh masjid. Siji-sjine masjid ing desaku Maospati ya mung siji thil. Masjid kuna ing mburi pasar Maospati.
Mula rikala ana warga desaku, kang asma Pak Amat Paidi ngasta wiraswasta nggawe kain tenun nganggo mesin tenun kae (daleme ana mburine Masjid Mujahiddin saiki) banjur nganakake ngaji mligine kanggo bocah-bocah ana ing kamar omahe, aku ya kang banjur klebu melu.
Yen ora kleru wiwit ngaji mau, aku wis sekolah ana SD klas telu. Ya ana ing kelas telu SD mau aku wiwit blajar ngaji. Iku wae kang melu ngaji mung watara bocah pitu. Wong ya daleme Pak Amat Paidi iku ngliwati kuburan Jalan Barat kae.
Gek ya peteng. Mula akeh wong tuwa kang ora ngeparengake. Embuh aku biyen kok ya wani wae. Kamangka dalane peteng, wobg ya lampu dalan durung ana.
Ya amarga wiwit ngaji mau olehku pasa banjur wiwit bisa nganti tutug. Sadurunge iku ya mung pasa mbedhug. Wong tuwa uga durung patiya mrayogakake. La yen wayah sasi Pasa mau aku lan kancaku ngaji, turu ana daleme guru ngajiku karo nggawa sega kanggo sahur.
Olehe turu ya mung ana klasa ing kamar mburi kanggo langgar mau. Ya kamar mau pisan bage kanggo ngaji. Kamare kira-kira ukuran 3x4 meter. Bocah pitu yen turu ya padha mlungker untel-untelan kaya ana pondhok kae.
Rikala semana ing desaku wong tuwa durung akeh kang pada nindakake ibadah pasa. Apamaneh nidakake sembahyang tarawih. Yen sembahyang tarawih aku lan kancaku ya ana mushala/langgar mau.
Kang dadi imam biasane ya guru ngajiku Pak Amat Paidi. Dene kang melu sembahyang tarawih ya mung mligi bocah-bocah. Wong tuwa blas ora ana babar pisan.
Yen ing wayah awan, aku sakanca ya mung dolanan kaya umume jaman iku. Dolanan nekeran, gepok lele, gobak sodor, engklek, lsp. Luput dolanan ya padha maca majalah Panjebar Semangat utawa Jaya Baya kang pancen budheku langganan.
Amarga budheku seneng maca, kaya cerkak lan cerbung. La aku sakanca biasane seneng maca “Apa Tumon,” crita lucu saka kiriman pandhemen Panjebar Semangat. Wong ya sekolahan rikala semana libur sewulan natas, mula sesrawungan bocah ing desa dadi tansaya raket.
Desa Maospati iku klebu panas. Salah sijin sebabe amarga anane pangkalan Iswahyudi kang ngenthak-enthak ana sisih Kidul desa. Mula yen awan panase sumelet jian ora jamak kae. Ya mesthi wae kang pasa krasa ngelak temenan kae. Apamaneh kanggone bocah-bocah kang isih blajar pasa. Tambahan maneh wayahe bocah semega.
Kanggo supaya ora kepanasen, luwe lan ngelak, asring banjur pada adus ana Kali Malang kang banyune bening lan seger. Ing pangangkah supaya kareben ora patiya ngelak lan keslemur.
Yen rada sore, aku sakanca banjur krukutan ana kebonan golek woh-wohan apa wae kanggo sediyan mengko yen wayahe buka. Yen ora ngono, ya menyang sawah njaluk tebune pabrik gula Purwadadi. Olehe nembung njaluk ya marang kang njaga. Biasane ya dililani yen mung njaluk siji utawa rong lonjor tebu.
Ing jaman semana, ora nate jenenge ibuku lan ibune kancaku banjur nganak-anakake kanggo buka kaya jaman saiki yen wis wayahe buka. Yen buka ya biasa wae saanane, kaya yen mangan bengi.
Mung ana bedane sithik, yen mangan awan adate rak ya lawuhe luwih pepak. Yen mangan bengi biasane ya mung saanane. Yen sasi Pasa, wayah buka lawuh luwih pepak. Amarga ya ora mangan awan.
Dene yen sahur, biasane aku disangoni ibu sega ana rantang lawuhe sambel garing kacang. Luput sambel kacang, ya sambel trasi apa sambel bawang. Ditambah yen ora tempe, ya dadaran endhog. Iku wae yen wayahe pitik ingon-ingonan ana kang ngepasi ngendhog.
Nanging rumangsaku mengkono wae kok rasane wis seneng. Wong ya umume kaya mengkono uripe kabeh pawongan ing desaku rikala iku. Ana siji loro kang sugih. Iku wae siji loro. Umume para saudagar utawa toko pecinan. Yen umume pawongan ing desa, ya kaya mengkono mau uripe.
Iku wae Bapak/Ibuku wis klebu urip cukup samadya. Ora mlebu golongan wong kang ana. Lan uga ora klebu golongan kang ora duwe. Amarga Bapak sejene dadi prajurit antuk bayar senadyan ora mingsra, uga nenandur ana ing kebon mburi kanggo kebutuhan saben ndinane.
Ana mburi omah yasa kendhang, ngingu pitik lan menthok. Malah nganti saiki isih. Dene tanduran kang ditandur Bapak biasane kaya bayem, kangkung, kara, lamtara (ngiras-ngiru kanggo pager), tela kaspe, gedhang, pelem, nangka, klapa lsp. Dadi ana kebon mburi rumangsaku biyen pepak.
Nganti ibuku rikala semana ora nate blanja sayuran. Ibarate yen blanja tuku ana pasar mung uyah, tempe lan gerih utawa iwak asin. Liyane bisa dicukupi saka asile kebon ana ing buri omah. (***/ana tutuge)
*Bupati Magetan Periode 2018-2023
Editor : Satmiko Supraptono