Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Petani Blewah neng Kabupaten Madiun Sepisan Ngundhuh Ngasilake Rp 18 Yuta

Satmiko Supraptono • Minggu, 24 Maret 2024 | 20:00 WIB
BARAKAH RAMADAN: Petani blewah neng Desa Singgahan, Kecamatan Kebonsari, Kabupaten  Madiun. (DIAN RAHAYU/RADAR MADIUN)
BARAKAH RAMADAN: Petani blewah neng Desa Singgahan, Kecamatan Kebonsari, Kabupaten Madiun. (DIAN RAHAYU/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Petani blewah neng Desa Singgahan, Kecamatan Kebonsari, Kabupaten  Madiun, sumringah.

Jalarane, woh-wohan sing ditandur wis bisa dipanen lan dadi barakah ing wulan Ramadan iki.

Akeh warga sing golek kanggo campuran es lan omben-omben seger liyane nalika buka pasa.

‘’Panjalukan mundhak satus persen utawa tikel pindho dibandhing dina biasa,’’ kandhane Setyo Budi, salah siji petani blewah ing desa iki wingi (22/3).

Miturut Budi, blewah jinis blaster sing ditandur dadi primadona masyarakat ing wayah Ramadan.

Teksture empuk, daginge kandel lan arum gandane dadi kaunggulan dibandhing jinis blewah liyane.

‘’Regane uga mundhak. Wingenane mung Rp 5.000 sekilo, saiki dadi Rp 6.000 sekilo,’’ jarene bungah.

Panjalukan paling akeh malah saka njaba daerah, kususe Jombang. Nanging merga  produksi sithik, saengga mung bisa nyukupi tlatah Madiun Raya.

Kaya Kabupaten lan Kota Madiun, Ponorogo, Ngawi uga Magetan. ‘’Sedina bisa ngedol rong ton blewah,’’ sambunge.

Ing sawah sing ditanduri, sepisan ngundhuh bisa ngoleheka kira-kira sak ton blewah. Omzet bisa nembus Rp 18 yuta.

Sepisan nandur, bisa ngundhuh ping lima nganti ping nem. ‘’Ama biasane muncul wayah rendheng, nanging bisa diatasi. Yen panas malah luwih apik,’’ Budi mungkasi kandhane. (ryu/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#ramadan #barakah #blewah #madiun #petani