NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Mobil ambulans nggoling sawise nabrak mobil liyane neng Tol Solo-Ngawi kilometer 562B.
Panggonan kadadeane mlebu Desa Sidolaju, Kecamatan Widodaren, Kabupaten Ngawi kira-kira jam 17.30, Setu (23/3).
Jalaran kecelakaan lalu lintas (laka lantas) iki nem korban ngalami luka-luka ringan.
Miturut Kanitgakkum Satlantas Polres Ngawi AKP Yudhi Yulianto, laka lantas iki kedaden nalika ambulans B 1328 PD bali saka ngeterake jenazah menyang Kota Malang saka Jakarta.
Tekan tempat kejadian perkara (TKP), sopir ambulans Rozak, 57 taun, warga Ciganjur, Jagaraksa, Jakarta Selatan, didhuga ngantuk.
Mobil ambulans ujuk-ujuk oling ngiwa lan nabrak bokonge mobil Avanza AD 1012 BK sing disopori Hari Saptono, 61 taun, warga Sukoharjo, Jawa Tengah.
Sopir lan penumpang mobil ambulans sing luka diplayokake menyang RS Widodo, Ngawi. Semono uga sopir Avanza lan penumpang papat liyane.
‘’Rata-rata korban ngalami luka ing bagean tangan lan sirah merga kebenthuk nalika kecelakaan,’’ jarene.
Kira-kira 15 jam sadurunge, praoto momot rosok tabrakan adu arep karo trailer neng Jalan Raya Ngawi-Caruban, Desa Munggut, Kecamatan Padas, Kabupaten Ngawi, kira-kira jam 02.00.
Sopir praoto lan trailer ngalami luka lan diplayokake menyang RS Widodo, Ngawi. Proses evakuasi sopir butuh wektu rong jam merga posisine kecepit.
Jalaran laka lantas iki, arus lalu lintas saka Ngawi menyang Surabaya liwat Karangjati lan sawalike macet kira-kira sakilo. Jalarane praoto loro nutup badan jalan.
Kawitane, trailer L 9964 UI sing disopiri Sutrisno, 54 taun, warga Desa Kaliwining, Kecamatan Rambipuji, Kabupaten Jember, mlaku neng ngarep dhewe ing konvoi trailer lima saka Surabaya.
Ing TKP, ujuk-ujuk ana praoto AG 8396 UV sing disopiri Johan Kosbianto, 40 taun, warga Desa Beloh, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto, saka arah sawalike.
Praoto sing momot barang rosokan kuwi oling nengen lan mlebu lan nabrak trailer. ‘’Didhuga, sopir praoto sing momot rosokan ngantuk,’’ Yudhi mungkasi katrangane wingi (24/3). (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono