Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ati-Ati Milih Panganan kanggo Takjil Buka Pasa, Semak Katrangane Dinkes-PPKB Kota Madiun Iki

Erlita H • Senin, 25 Maret 2024 | 21:00 WIB
SUPAYA AMAN: Dinkes-PPKB Kota Madiun ngawasi kualitas panganan takjil ing bazar Ramadan. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
SUPAYA AMAN: Dinkes-PPKB Kota Madiun ngawasi kualitas panganan takjil ing bazar Ramadan. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Mburu takjil nyedhaki wayah buka pasa kayadene wis dadi tradisi saben Ramadan. 

Nanging, masyarakat perlu luwih ati-ati yen milih panganan. Merga bisa wae ngandhut bahan mbebayani, salah sijine formalin.

Mula, Dinas Kesehatan, Pengendalian Penduduk dan Keluarga Berencana (Dinkes-PPKB) Kota Madiun ora mung meneng wae.

Dinas iki mreksa kualitas panganan neng bazar Ramadan lan takjil ing sakubenge alun-alun Kota Madiun.

Kaya sing dilakoni Subkor Farmasi Alkes dan Makanan Minuman Dinkes-PPKB Kota Madiun Suparida.

Miturut dheweke, pemreksaan ana sambungane karo panggonan dodolan sing resik lan adoh saka sampah utawa tempat pemrosesan akhir (TPA).

Uga mesthekake pangangan ora ngandhut bahan mbebayani. Contone, zat pewarna utawa pengawet. ‘’Ana pirang-pirang sing wis diuji sampel,’’ kandhane wingi (24/3).

Pihake uga njaluk katrangan pedagang bab panganan takjil sing didol diproduksi patang jam sadurunge dikonsumsi buka pasa.

Iki, sambunge, kanggo mesthekake yen panganan sing didol ora ngandhut mikrobakteri lan aman dikonsumsi masyarakat.

Dheweke nyatakake menawa nganti tengah-tengahe Ramadan iki durung nemokake panganan sing ora standar keamanan pangan.

Senajan mengkono, Parida ngarep-arep para pedagang bisa njaga kebersihan panganan sing didol.

‘’Aja nggunakake kanthong plastik ireng. Yen diwungkus kertas koran lan styrofoam, panganan aja pas isih panas,’’ Parida mungkasi katrangane. (mg1/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#dinas kesehatan #takjil Ramadan #formalin #kota madiun #makanan minuman