Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Niate Nyolong Pitik, Nom-noman Welasan Taun Kecekel Maling Pitmontor neng Magetan

Aprilita Sari • Selasa, 26 Maret 2024 | 15:00 WIB
DIGLANDANG: Loro pelaku curanmor dicekel petugas Satreskrim Polres Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
DIGLANDANG: Loro pelaku curanmor dicekel petugas Satreskrim Polres Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Salah siji warga Kabupaten Madiun dicekel pulisi merga kejiret pencurian kendaraan bermotor (curanmor) neng Kabupaten Magetan.   

Pelakune R, 18 taun, warga Kecamatan Ngariboyo, Kabupaten  Magetan lan H, 17 taun, warga Kecamatan Jiwan, Kabupaten Madiun.

Critane, nalika kuwi 17 Februari 2024 kepungkur, nom-noman loro iki niate arep maling pitik bandha pit onthel.

Tekan Desa Bulak, Kecamatan Bendo, Kabupaten Magetan, kalorone deleng pitmontor diparkir neng ngarep omah.

Sanalika, kalorone ngubah pikiran ora sida nyolong pitik nanging nggondol pitmontor sing kunci kontake isih mancep kuwi.

Wektu kuwi kira-kira jam 23.00 bengi, nalika kahanan lingkungan kampung kono sepi lan dadekake aksine lancar.  

Korbane Suyatni, 46 taun, warga Desa Bulak, bingung nalika esuke nggoleki pitmontore sing arep dienggo sekolah anake.

Nanging, kasus iki lagi dilapurake pulisi 22 Maret 2024 wingenane. ‘’Ora nganti 24 jam pelaku kecekel,’’ kandhane Kasihumas Polres Magetan AKP Budi Kuncahyo wingi (25/3).

Salah siji pelaku dicekel neng omahe. Sawetara pelaku sing sijine meneh  dicekel neng panggonan delikane.  

Miturut Budi, pihake uga ngamanakake pitmontor colongan Yamaha Mio A 6836 FM sing regane kira-kira Rp 3,5 yuta. 

Pelaku loro iki dijiret Pasal 363 juncto Pasal 55 KUHP bab pencurian dengan pemberatan (curat), ancaman ukumane limang taun penjara.

‘’Kasus iki isih dikembangake. Tak jaluk warga ora sembrana nyeleh benda berharga duweke,’’ welinge.

Jebule, aksi iki ora sing kapisan. Sadurunge, nom-noman iki nate maling neng salah siji SD ing Kabupaten Madiun.

Saka aksi kuwi diakoni oleh dhuwit Rp 150 ewu. ‘’Dhuwite kanggo mangan lang ngopi,’’ akune pelaku. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#curanmor #magetan #curat #Polres Magetan #pencurian kendaraan bermotor