KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Mobil Suzuki Ertiga AE 1797 FQ ujuk-ujuk kobong neng pinggir dalan ngarepe Toko Mirasa, Jalan Pahlawan, Kota Madiun.
Kadadeane Selasa (26/3) esuk umun-umun kira-kira jam 03.30, nalika wayah wong sahur.
Ora lidok, kadadean iki ngundang wong akeh sing pengin weruh. Apameneh genine mbulat-mbulat lan keluke ketok saka kadohan.
Jalarane didhuga korsleting, banjur cipratan geni nyamber bensin lan ndadekake kobong. Ora ana korban jiwa ing kadadean iki.
Syahir bin Shaharul, warga Malaysia, sopir mobil kuwi kaget lan bingung. Merga mobil ikisewan saka rental mobil ing Maospati, Magetan.
Tempat kejadian perkara (TKP) kadadean iki cedhak Parapatan Tugu lan ora adoh saka rumah dinas wali kota Madiun.
Salah siji seksi sing nalika kadadean ana sacedhake rumah dinas wali kota kandha yen ana wong bengok-bengok mobil kobong.
Ora let suwe krungu swara njebluk lan ana bulek keluk. ‘’Genine wis gedhe, sanalika tak lapurake menyang pemadam kebakaran (damkar),’’ kandhane.
Ora nganti sepuluh menit, teka mobil damkar loro. Petugas damkar sanalika nyoba mateni geni. Nanging wis kari rangkane.
‘’Kanggo proses pemadaman, kita nggunakake cairan liquid,’’ kandhane Wisnu, petugas Satpol PP dan Damkar Kota Madiun. (ggi/her)
Editor : Satmiko Supraptono