Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Praoto v Avanza neng Kabupaten Madiun: Korban Tiwas Siji, Lima Liyane Luka-Luka

Satmiko Supraptono • Jumat, 29 Maret 2024 | 14:00 WIB
DIEVAKUASI: Praoto boks sing tabrakan neng di Jalan Raya Madiun-Surabaya, Kabupaten Madiun. (R. BAGUS RAHADI/RADAR MADIUN)
DIEVAKUASI: Praoto boks sing tabrakan neng di Jalan Raya Madiun-Surabaya, Kabupaten Madiun. (R. BAGUS RAHADI/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Praoto boks tabrakan adu arep mungsuh mobil Avanza neng Jalan Raya Madiun-Surabaya.

Kecelakan lalu lintas (laka lintas) iki kedaden neng Desa Garon, Kecamatan Balerejo, Kebupaten Madiun,  jam 05.30 wingi (28/3).

Kanit Gakkum Satlantas Polres Madiun Ipda Roni Susanto ndhuga  laka lantas iki jalaran sopir kura konsentrasi.

Kawitane nalika praoto boks L 8774 UU ngemot logistik sinh disopiri Sriono, 42 taun, warga Desa Sawo, Kecamatan Karangjati, Kabpaten Ngawi,  mlaku saka kulon.

Teka tempat kejadian perkara (TKP), praoto ujuk-ujuk oling lan mlebu jalur tengen.

Apes, saka arah sawalike ana mobil Avanza mlayu banter, saengga tabrakan ora bisa diendhani.

Akibate, ndhase praoto ringsek lan awake malang neng tengah ratan. Sawetara Avanza L 1621 IM remuk. 

Avanza werna abang iki disopiri Miswanto, 46 taun, warga Desa Jebeng, Kecamatan Slahung, Kabupaten Ponorogo.

Saking bantere sruduk-srudukan kaya bantheng, salah siji panumpang Avanza nganti mencelat metu saka mobil.

Yakuwi Supolo, 56 taun, warga Desa Nambak, Kecamatan Bungkal, Kabupaten Ponorogo.

Wong lanang iki ninggal donya sanalika ing TKP. Sawetara sopiri kecepit neng njero mobil.

Baca Juga: WARTA JAWA | Petani Blewah neng Kabupaten Madiun Sepisan Ngundhuh Ngasilake Rp 18 Yuta

‘’Korban luka-luka ana lima, panumpang wong telu lan sopir loro (praoto lan Aavza), kabeh diplayokake menyang RSUD Caruban,’’ kandhane Roni.

Petugas Satlantas Polres Madiun uga wis nindakake olah TKP lan  nglumpukake katrangan saka para seksi neng papan kadadean.

Sawetara kendaraan loro sing ringsek dievakuasi mobil derek lan digawa menyang pos polisi sing cedhak kanggowartabarang bukti. (ryu/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#Satlantas Polres Madiun #tabrakan #madiun #avanza