PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Tlatah Kabupaten Ponorogo lagi ora aman. Aksi pencurian saya ndadi keri-keri iki.
Sanajan petugas Satreskrim Polres Ponorogo wis mbedhil maling loro, nanging ora marakake maling liyane wedi.
Seminggu keri iki, pirang-pirang omah diobok-obok tangan jail. Moduse saemper. Nyasar omah suwung.
Kapolsek Ponorogo Iptu Muhammad Sahid Mustofa, nyebutake kasus pencurian sing anyar kedaden neng Kelurahan Probosuman lan Tambakbayan.
Neng Probosuman, omah pinggir Jalan Sekarpudak disatroni maling nalika ditinggal Salat Taraweh, Selasa (26/3) wingi.
Endang, sing duwe omah curiga nalika weruh lampu omahe mati sabaline Salat Taraweh.
Nalika dipreksa, listrik sengaja dipateni. Sawise diurupake, jebul lemarine wis mawut. Dhuwit limang yuta rupiah ilang.
Dhuwit pecahan Rp 10 ewu lan Rp 20 ewu kuwi rencanane arep dienggo kulakan palawija lan sangu Lebaran.
Untunge, malinge ora nyolong barang berharga liyane. ‘’Pelaku didhuga mlebu liwat lawang ngarep lan mbobol lemari sing dikunci,’’ kandhane Sahid wingi (29/3).
Kasus liyane, dialami Ahmad Muslih, sing duwe warung ayam goreng neng Lingkungan Tronodangsan, Tambakbayan, Rebo (27/3) wingenane.
Dhuwite atusan ewu rupiah sing disimpen neng lemari digondhol maling nalika ditinggal ngedhep warung.
Didhuga, maling mlebu omah kira-kira wektu magrib. Muslih lagi sadhar yeng dhuwite ilang kira-kira jam 19.00.
Korban pancen duwe pakulinan bali jam pitu bengi yen lagi dagang. Wektu kuwi, dheweke lagi weruh yen omahe diawut-awut maling.
Sahid nambahi, ora mung sepisan iki omahe bakul ayam goreng kuwi disatroni maling.
Seminggu sadurunge, dhuwite Rp 6 yuta sing disimpen neng lemari uga ilang. Didhuga malinge padha, uga liwat payon omah.
‘’Kadadean sing kapisan Jemuwah (22/3). Kita lagi ngamanake barang bukti lan mburu pelakuke,’’ Muslih mungkasi katrangane. (gen/sat)
Aksi Pencurian Neng Ponorogo
- Rebo (27/3), omahe Ahmad Muslih, Tambakbayan, Ponorogo
- Selasa (26/3), omahe Endang, Kelurahan Probosuman, Ponorogo
- Selasa (26/3), omahe Puji, Kelurahan Keniten, Ponorogo
- Senen (25/3), omahe Laminem, Desa Jalen, Balong
- Jemuwah (22/3), omahe Ahmad Muslih, Tambakbayan, Ponorogo
- Rebo (20/3) omahe Danang, Perum Pepabri, Kelurahan Keniten, Ponorogo
- Senen (18/3), omahe Adi Prasojo, Desa Gontor, Mlarak
- Senen (18/3), omahe Rianto, Desa Ngampel, Balong
- Minggu (17/3), omahe Adi, Desa Jorsan, Mlarak