Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Lima Pasangan Kumpul Kebo neng Kos-Kosan Kena Razia Sapol PP Ngawi

Satmiko Supraptono • Selasa, 2 April 2024 | 14:00 WIB
KAYA HOTEL: Pasangan dudu suami-istri ketangkep razia Satpol PP Ngawi neng kos-kosan. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
KAYA HOTEL: Pasangan dudu suami-istri ketangkep razia Satpol PP Ngawi neng kos-kosan. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Ana lima pasangan dudu suami-istri neng Ngawi kajaring razia ing pirang-pirang panggonan Minggu (31/3) bengi.

Yakuwi, kos-kosan neng Jalan Trunojoyo, Jalan Ringroad Barat Ngawi, Jalan Diponegoro lan tempat hiburan malam (THM).

Kabid Penegakan Perda Satpol PP Kabupaten Ngawi Arief Setiyono kandha, sasaran razia pancen kos-kosan.

Pasangan lima kuwi diduga nglanggar aturan merga ora bisa nuduhake surat bukti nikah alias kumpul kebo.

Nalika nggrebek kamar kos-kosan, petugas uga nemokake pirang-pirang akat kontrasepsi.

Pasangan kumpul kebo kuwi asale saka tlatah beda-beda. Saliyane warga Ngawi uga ana warga Kabupaten Madiun, Ponorogo, lan Bojonegoro. 

Arief nambahi, razia iki kanggo njaga kondusivitas wulan Ramadan. Uga mesthekake kos-kosan ora nerak aturan.

Barang bukti (BB) sing ditemokake kanggo dhasar ngundang sing duwe kos-kosan. ‘’Didhuga nyewakake kam kos harian kaya hotel,’’ kandhane Arief wingi (1/4).

Pasangan kumpul kebo lima kuwi banjur digawa menyang Mako Satpol PP Ngawi kanggo didhata lan diwenenhi pembinaan.

Pihake ngarepngarep wulan Ramadan iki ketenteraman dan ketertiban masyarakat tetep dijaga.

Uga nindakake SE Bupati Ngawi nomor 100.3.4.2/06.95/404319/2024 bab Ketertiban umum Selama Bulan Suci Ramadhan 1445 H dan Hari Raya Idul Fitri Tahun 2024. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#kos-kosan #razia #ngawi #satpol pp ngawi