MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ana 5.000 kupat lan lepet digantung neng ngarep omahe warga.
Neng pinggir dalan sing dawane kira-kira sakilometer ing Dusun Joso, Desa Turi, Kecamatan Panekan, Kabuaten Magetan.
Warga dusun iki pancen duwe tradisi unik saben ngregengake riyaya kupat (Lebaran ketupat), kaya Kemis (18/4) wingi.
Ing dusun iki, kira-kira 75 KK (kepala keluarga) nggantung paling sithik 20 kupat lan lepet neng ngarep omahe dhewe-dhewe.
Miturut Muhammad Ainun Najib, ketua panitia Wisata Ketupat Kampung NU, kupat lan lepet iki digratisake kanggo sapa wae.
Orang mung kango warga dusun iki, nanging uga warga saka tlatah liya sing teka mrene uga bisa njupuk kupat lan lepet kuwi.
Panitia uga nyiapake limang stand sing nyedyakake pecel, jangan lodheh, opor lan krupuk kanggo adune mangan kupat lan lepet.
Tujuan kegiatan iki kanggo ngraketake warga lumantar tradisi sing wis dicontone wiwit jaman Sunan Kalijaga.
Pangarep-arepe, warga bisa padha andum lan ngapura-pangapura liwat Wisata Ketupat Kampung NU setaun pisan saben Syawal iki.
Warga uga ora kabotan nindakake tradisi iki sanajan rega beras lan ketan lagi 0larang, merga rata-rata bahane saka asil bumine dhewe-dhewe.
Tradisi ing Dusun Joso iki wis mlaku wiwit limang taun kepungkur nalika ana lomba kampung NU sing dianakake PWNU Jatim.
Wektu kuwi, Dusun Joso oleh juwara loro sa-Jatim. Banjur tradisi tinggalane para ulama dilestarekake.
‘’Alhamdulillah akeh warga sing teka, kabeh bisa ngicipi utawa nggawa mulih kupat lan lepete,’’ ucape Najib.
Sawetara Bhety Yuke Mahastuti, warga Desa Cepoko, Kecamatan Panekan, Kabupaten Magetan, uga melu bungah.
‘’Aku pancen dudu warga kene, nanging aku mesthi mrene setaun pisan melu ngregengake tradisi iki,’’ kandhane.
Nani Narwati, warga Desa Sumberdodol, Kecamatan Panekan, Kabupaten Magetan, uga seneng.
Miturut dheweke, acara iki klebu langka. Merga ora saben kampung nganakake acara kaya ngene iki.
‘’Acara ngene iki bisa mbyantu warga saliyane ngraketake tali silaturahim,’’ kandhane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono