Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tanpa Nyawang Wulu Maling Ngobok-obok Ruko Duweke Anggota DPRD Ngawi, Ngene Kadadeane

Satmiko Supraptono • Selasa, 23 April 2024 | 17:00 WIB
DILEBONI MALING: Rukone anggota DPRD Ngawi Gunadi Ash Cidiq diobok-obok maling Lebaran kepungkur. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
DILEBONI MALING: Rukone anggota DPRD Ngawi Gunadi Ash Cidiq diobok-obok maling Lebaran kepungkur. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Aksi maling neng tlatah Kabupaten Ngawi pancen ora nyawang wulu.

Rumah toko (ruko) duweke anggota DPRD Ngawi Gunadi Ash Cidiq uga diobok-obok.

Dhuwit, puluhan tv android mobil, laptop, lan kothak amal titipan yayasan yatim piatu ilang. Total rugine Rp 25 yuta luwih. 

Galang Andika Wibowo, karyawane Gunadi kandha yen weruh kadadean iki Jemuwah (12/4) esuk kepungkur.

Nalika kuwi ana pemudik njaluk tulung nggganti kaca spion. Pas dheweke mbukak toko, jebul isine wis morat-marit.

Sawetara Gunadi kandha yen nalika kadadean dheweke pancen lagi mudik menyang Jogjakarta.

Dheweke sakulawarga mangkat menyang Jogjakrata sawise salat Idul Fitri, Rebo (10/4).

Kabeh lawang wis dikunci. Omah induk lan ruko sing ana sisihe omah induk uga wis dikunci kabeh.

‘’Sawise dilapuri, aku banjur ngecek rekaman CCTV liwat aplikasi. Pancen ana sing mlebu Jemuwah dini hari,’’ jarene.

Neng rekaman kuwi, wong lanang siji nganggo setelan kathok cendhak, hoodie lan tas pinggang mlebu mlumpat pager lor kira-kira jam 01.00.

Pelaku banjur njupuk apa wae sing bisa digawa neng toko depo air isi ulang. Uga nggledhah kabeh barang neng kantor perusahaan.

Pelaku njupuk dhuwit neng laci uga kunci mobil jip lan praoto, nanging ora bisa nggawa merga akine dicopot lan gerbange dikunci.

Maling uga nyoba mlebu omah induk nanging ora bisa. Akire njebol tembok toko sisih lor lan mlebu toko variasi mobil.

Gunadi wis nglapurake kadadeane kuwi menyang Satreskrim Polres Ngawi lan uga wis digelar olah tempat kejadian perkara (TKP), Setu (13/4) kepungkur.

Pulisi uga wis ngamanake barang bukti arupa rekaman CCTV lan njaluk katerangan pirang-pirang saksi.

Miturut Gunadi, rekaman CCTV wis cukup cetha. Pelakune mung siji lan kaya wis weruh kahanan omah.

Sawetara Kasatreskrim Polres Ngawi AKP Joshua Peter Krisnawan kandha yen isih nylidiki kasus iki

Pihake bakal ngrilis yen kasuse wis kabukak. ‘’Kita isih nylidiki kasus iki, ditunggu wae,’’ kandhane wingi (22/4). (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#DPRD Ngawi #variasi mobil #maling #polres ngawi #ngawi #TV Android