PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Waspada, kasus penyakit leptospirosis saya ndadi neng sabagean tlatah Kabupaten Pacitan.
Ing patang wulan keri iki (taun 2024), 42 warga neng tlatah Kecamatan Ngadirojo wis kena infeksi bakteri leptospira iki.
‘’Malah saiki isih ana sing dirawat,’’ kandhane Kepala Puskesmas Ngadirojo Rini Endrawati wingi (23/4).
Miturut dheweke, angka kasus kuwi mudhun 50 persen saka periode sing padha taun kepungkur.
Dheweke ngeklem wis kasil ngendalekake vektor penyakit lan ngintervensi pananganan dini marang pasien leptospirosis.
Uga nggandheng stakeholder neng tlatah endemis. ‘’Ora ana kasus sing nganti fatal utawa nyababake ninggal donya,’’ jarene.
Kepala Bidang Pencegahan dan Pengendalian Penyakit (P2P) Dinas Kesehatan (Dinkes) Pacitan Nur Farida uga melu kandha.
Pasca-peningkatan kasus kuwi, pihake nggelar rapat koordinasi (rakor) karo kecamatan, bidan desa lan masyarakat.
Cathetane dinkes, ing patang wulan 2024 iki ana 102 warga kena leptospirosis. Sing akeh neng tlatah Bubakan, Wonokarto lan Ngadirojo.
Mula pihake njaluk masyarakat luwih waspada. Leptospirosis minangka salah siji penyakit zoonosis sing muncul ing mangsa rendheng.
Penyakit iki ditularake sarana kencing (uyuh) tikus arupa bakteri leptospirosa.
Mlebu liwat kulit tatu utawa selaput lendir nalika kontak karo banjir utawa banyu nyembong sing kapapar bakteri lepstospirosa.
Mula dheweke njaluk masyarakat ngendhani banyu sing kena kontaminasi uyuh tikus utawa bathang tikus.
Dinkes Pacitan uga mesthekake yen kasus iki saiki durung klebu ing kejadian luar biasa (KLB).
Farida uga negesi yen leptospirosis ora bisa dianggep sepele. Merga yen telat pananganan, nyawa totohane.
Tandha-tandha leptospirosis panas dhuwur, sirah mumet, weteng lan otot liyane kaku lan kemeng.
Tandha-tandha kusus uga ana, yakuwi otot bagean kempol kemeng. Yen kena infeksi leptospira varian mematikan tandhane rada beda.
Meh kaya hepatitis B nganti gagal ginjal. Yakuwi, mripat lan awak dadi kuning. Uga njalari komplikasi lan bisa nyababake kamatian.
‘’Yen nemahi tandha-tandha leptospirosis aja telat nggawa pasien menyang puskesmas, uga ana rapid neng puskesmas,’’ kandhane.
BABAGAN LEPTOSPIROSIS
- Gejala umum: panas dhuwur, sirah ngelu, weteng lan otot liyane kaku-kaku lan kemeng
- Gejala khusus: otot sikil bagean kempol kemeng, mripat lan awak dadi kuning nganti gagal ginjal.
- Panyebab: bakteri leptospirosa sing ditularake liwat kencing (uyuh) tikus neng panggonan lembab utawa banyu nyembong
- Cara panularan: mlebu kulit tatu utawa selaput lendir nalika kontak karo banjir utawa banyu nyembong sing kapapar lepstospirosa. (hyo/sat)