Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Pamit Golek Suket Neng Gunung Bancak, Lansia Warga Magetan Dilapurake Ilang

Aprilita Sari • Sabtu, 27 April 2024 | 17:00 WIB
DIGOLEKI: Tukimun, lansia warga Desa Sundul, Kecamatan parang, Kabupaten Magetan, ilang. (ISTIMEWA)
DIGOLEKI: Tukimun, lansia warga Desa Sundul, Kecamatan parang, Kabupaten Magetan, ilang. (ISTIMEWA)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Tukimun, 63 taun, warga Desa Sundul, Kecamatan Parang, Kabupaten Magetan, ilang.

Wong lanang lanjut usia (lansia) kuwi ora mulih saka golek suket neng Gunung Bancak wiwit Kemis (25/4) esuk.

Jemuwah wingi (26/4) kadadean ilange Tukimun dilapurake menyang aparat kepolisian kono.

Petugas Polsek Parang dibyantu anggota TNI, petugas badan penanggulangan bencana daerah (BPBD) lan warga coba nggoleki.

Puluhan wong kuwi dikerahake nyisir alas Bancak saperlu nggoleki kaananane Tukimun.

Miturut Yahmi, ipene Tukimun, biasane yen golek suket mung neng sawah sakubenge omahe.

Nanging, Kemis kuwi malah tekan gunung nganti akire ora bali-bali lan dadi golekanane wong akeh.  

Kulawarga lan warga wis nyoba nggoleki nganti Kemis bengi. ‘’Muga-muga ndang ditemokake kanthi slamet,’’ pangarep-arepe. 

Sawetara Kapolsek Parang AKP Hari Joko Prayitno ndhuga korban kesasar neng alas Bancak.

Pihake wis njaluk bantuan BPBD kanggo nggoleki lan nyisir lokasi Tukimun pungkasan. 

Kira-kira wong 50 saka tim gabungan  nyisir lokasi. Asile lagi karung lan sukete sing ditemokake.

Penyisiran banjur diambakake ing sakubenge panggonan kono, nganti grumbul-grumbul dipiyaki. 

Nanging, tim kangelan nemokake korban merga papane terjal, alas gung liwang-liwung uga udan deres sore wingi. 

Mula, yen udan ora terang proses pencarian bakal ditutugake Setu esuk iki. Merga yen dipeksa malah mbebayani tim.

‘’Ancamane wit ambruk, longsor lan bledheg bisa kadaden sawayah-wayah,’’ kandhane Hari. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#lansia #magetan #gunung bancak #parang