SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Ana sing dienteni warga saben mapag malem 1 Sura neng Kota Solo, yakuwi metune kebo bule.
Jalaran akeh crita, utamane masyarakat Jawa, bab kebo bule sing dipercaya nggawa berkah lan kaslametan saka Gusti Kang Maha Agung.
Mula akeh warga sing mung pingin bisa ndemok kebo bule iki lan njupuk banyu jamasane.
Malah, akeh sing njupuk tlethonge (teleke) kebo bule sing kecer neng dalan nalika ritual mubeng beteng.
Ritual iki digelar karo nggawa pusaka Kraton Solo sing uga dipercaya duwe kaampuhan dhewe.
Kebo bule sing luwih dikenal jejuluk Kyai Slamet iki uga duwe sejarah sing patut diweruhi.
Piye critane? Semak tulisan sing karingkes saka laman Pemkot Surakarta iki nganti rampung.
Sejatine, Kyai Slamet kuwi jenenge salah siji pusaka Kraton Solo sing wujude tumbak.
Pusaka iki kerep digawa Pakubuwono X ngubengi tembok Baluwarti saben Selasa lan Jemuwah Kliwon.
Saka kawitane mung pakulinan, saiki dadi tradisi sing dilestarekake kulawarga kraton.
Nalika tradisi dileksanakake, kebo-kebo bule kuwi melu mlaku neng mburine tumbak Kyai Slamet.
Saengga, julukan Kyai Slamet malah luwih raket marang kebo-kebo bule kuwi tinimbang tumbake.
Miturut sejarahe, kebo bule iki asale saka wenehane Bupati Ponorogo Kyai Hasan Besari Tegalsari.
Kebo-kebo bule kuwi minangka hadiah kanggo Raja Kraton Solo, yakuwi Pakubuwono II.
Kuwi sawise kasil ngrebut meneh Kraton Kartasura saka tangane pemberontak pacinan.
Kadadean iki banjur diterusake boyongan kraton saka Kartasura menyang Desa Sala ing 20 Februari 1745.
Kebo bule iki diwenehake Pakubuwono II minangka pengawal pusaka tumbak Kyai Slamet.
Sing nyleneh, jebule kebo bule kuwi sing milih panggonan kanggo papan kraton anyar.
Critane, kebo bule diumbar mlaku dhewe nganti mandheg neng salah siji panggonan sing saiki dadi papan Kraton Kasunanan Surakarta.
Kebo bule sing dadi ingon-ingon katresnane Pakubuwono II kuwi uga dadi perlambang rakyat cilik, utamane petani lan kanggo tolak balak.
Jalaran kebo dipercaya duweni rasa linuwih ing babagan ngungsir roh jahat lan ngilangkake niat ala.
Kebo-kebo bule kuwi saiki dikandhang ing sisih kidul alun-alun Kasunanan Surakarta.
Kandhang kebo bule iki dadi salah siji panggonan favorit tujuan wisatawan neng Kraton Solo. (mg6/rei)
Editor : Satmiko Supraptono