Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ana Kidang Tutul Telu Neng Telaga Wahyu Magetan, nanging Durung Bisa Dideleng

Aprilita Sari • Minggu, 28 April 2024 | 17:00 WIB
ISIH ADAPTASI: Ana kidang tutul telu neng kandhang sapinggire Telaga Wahyu Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
ISIH ADAPTASI: Ana kidang tutul telu neng kandhang sapinggire Telaga Wahyu Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun - Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kabupaten Magetan ngupayakake objek wisata Telaga Wahyu bisa urip.

Salah sijine, ngingu rusa totol (axis axis) cacah telu neng destinasi wisata ing Kecamatan Plaosan iki.

Kidang tutul iki hibah saka Panglima Komando Armada I (Pangkoarmada I) Laksamana Muda (Laksda) TNI Yoos Suryono Hadi.

Jendral angkatan laut iki putra daerah asli Magetan sing dadi Ketua Ikatan Keluarga Magetan neng Jakarta.

Miturut Kepala Disbudpar Magetan Joko Trihono, kidang telu iki, siji lanang dewasa, siji babon lan siji wadon remaja.

Sanajan wis ana neng kandhang nanging kidang-kidang iki isih perlu adpatasi karo panggonan anyar.

‘’Dadi, pengunjung durung bisa ngdeleng merga kidang-kidang kuwi isih dikarantina,’’ kandhane wingi (26/4).  

Kaanane kidang iki diarep-arep bisa dadi daya tarik wisatawan uga bisa ngunggahake pendapatan asli daerah (PAD). 

Tiket masuk Telaga Wahyu tetep Rp 10 ewu kanggo dewasa lan Rp 5 ewu kanggo bocah-bocah.

‘’Telaga Wahyu iki dikelola pemerintah, dadi ora bisa ngundhakake tarif tiket masuk merga wis ana aturane,’’ jarene.

Kondisi kesehatan kidang tutul kuwi uga terus diawasi Dinas Peternakan dan Perikanan (Disnakkan) Magetan.

Baca Juga: WARTA JAWA | Sapa Wae Oleh Njupuk, 5.000 Kupat lan Lepet Digantung neng Pinggir Dalan Dusun ing Magetan

Merga kewan-kewan iki lagi dikirim saka Jakarta lan teka Magetan minggu kepungkur.

‘’Kondisine sehat, nanging ana siji sing sikile lara,’’ kandhane Kepala Disnakkan Magetan Nur Hariyani. 

Nur nambahi, dokter hewan siji lan petugas paramedik siji ditugasi ngawasi kidang-kidang kuwi.

Kidang tutul kuwi saiki isih adaptasi, saengga pakane perlu dipadhakake karo neng lokasi sadurunge mung ditambah wortel lan tela.

Kidang tutul uga dibiji dadi objek penting ing industri pariwisata neng pirang-pirang negara.

‘’Kidang sing babon saiki meteng. Umure indukan kira-kira setahun,’’ Nur mungkasi katrangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #Rusa Totol #telaga wahyu #disbudpar