PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun - Warga Desa Sukoharjo, Kecamatan Pacitan, Kabupaten Pacitan, duwe tradisi entas-entas.
Apa tegese lan piye prosesine? Bakal diwedar ing tulisan iki. Mula semak nganti rampung.
Srengenge lagi ndelep neng langit kulon. Pelataran objek wisata Song Meri ing Desa Sukoharjo, katon saya rame.
Jebule, wong-wong nganggo busana sarwaireng kuwi wis siap nggelar upacara tradisi entas-entas.
Dunga diujubake sesepuh desa. Warga banjur mubeng kanggo njupuk gabah saka petani sing wis panen.
Gabah-gabah kuwi diklumpukake dadi siji banjur dibagekake marang warga sing kurang mampu.
Ngene iki gambarane tradisi entas-entas sing panggah dilestarekake warga ing Desa Sukoharjo.
Upacara adat iki wis dadi pakulinane para petani sing dileksanakake sawise panen gedhen.
Entas-entas yakuwi tradisi njupuk sabagean (njimpit) asil panen (gabah) saka petani saiklase.
‘’Prosesi iki minangka wujud sukur marang Gusti merga diparingi asil panen,’’ kandhane Kepala Desa Sukoharjo Solikin, Senen (23/4).
Upacara adat entas-entas diwiwiti nggawe kelompok pemuda sing tugase njimpit asil panen.
Para nom-noman iki mubeng menyang omahe petani siji mbaka siji kanggo njaluk jimpitan asile panen.
Kanggo nambahi regenge upacara, uga diwernani hiburan seni pertunjukan tradisional sing ditindakake pirang-pirang kelompok seni.
‘’Tradisi iki wis dianakake turun temurun,’’ sembung Aminudin, salah siji tokoh masyarakat kono. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono