PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Dalan Ngebel-Dolopo ros Desa Ngrogung, Kecamatan Ngebel, Kabupaten Ponorogo, rusak rong taun iki.
Masyarakat lan pangguna dalan mung bisa sambat nemahi kasunyatan sing nggawe ora jenjem iki.
Kaya-kaya ora dipredulekake Pemkab Ponorogo, dalan rusak sing dawane 200 meter kuwi ora ndang didandani.
Kamangka, merga kaanan iki ora pisan pindho nyababake pangguna dalan cilaka neng kene.
Marwan, salah siji warga Desa Ngrogung, kandha yen dalan iki rusak jalaran bencana longsor 2022 kepungkur.
Nalika kuwi, material longsoran nutup dalan desa lan medhot akses mlebu-metu masyarakat saka kampunge.
Wektu kuwi sanalika pancen diresiki nganggo alat berat, nanging sawise kuwi dalan malah rusak lan bolong-bolong.
Saya nemen merga sisa material longsoran nutup saluran banyu pinggir dalan, saengga ora bisa nampung banyu lan mbludak.
Jalaran ora ndang oleh kapastian, puluhan warga kono milih ndandani mandiri dalan kuwi wingi (28/4).
Bolong-bolong gedhe ditutup nganggo watu sisa material longsoran sing dipecahi dadi cilik-cilik.
Uga ngresiki sisa material sing nutup saluran banyu. Gotong-royong iki kanggo ngantisipasi korban pangguna dalan.
‘’Mesakake yen nganti ana pangguna dalan cilaka merga dalan rusak,’’ sembung Kepala Desa Ngrogung Kusnanto.
Dheweke ngarep-arep banget ndang ana perbaikan permanen saka Pemkab Ponorogo.
Apameneh dalan iki akses utama masyarakat desa kono. Uga dalan alternatif menyang objek wisata Telaga Ngebel saka Madiun.
Malah, saben akir pekan, ros dalan sing ambane patang meter iki ora nate sepi kendaraan liwat.
‘’Akeh sing kangelan liwat kene. Uga wis kerep dilapurake menyang pemkab njaluk didandani,’’ Kusnanto mungkasi katrangane. (gen/sat)
Editor : Satmiko Supraptono