NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Angka kecelakaan lalu lintas (laka lantas) ing tlatah Kabupaten Ngawi isih dhuwur.
Mula Satlantas Polres Ngawi prelu rembugan karo para stakeholder dalan kanggo golek solusi bab iki.
Pihak perusahaan otobus (PO), perusahaan angkutan barang lan stakeholder dalan diundang neng Mapolres Ngawi.
Prelune ngrembug bareng-bareng bab kaslametan dalan lan nyuda laka lantas neng tlatah Kabupaten Ngawi.
Acara ing Ruang Guyup Polres Ngawi iki uga minangka analisa dan evaluasi (anev) pelaksanaan Operasi Ketupat Semeru 2024.
‘’Kita ngarep-arep angka laka lantas neng Ngawi mudhun,’’ kandhane Kasatlantas Polres Ngawi AKP M Sapari wingi (28/4).
Miturut dheweke, korban laka lantas neng tlatah Ngawi didominasi umur produktif, yakuwi umur 15 nganti 20 taun.
Polres Ngawi, sembunge, sejatine wis ngleksanakake pirang-pirang upaya kanggo ngantisipasi.
Kaya ngecek jalur arteri lan tol. Liyane kuwi, uga masang rambu-rambu lan plang imbauan neng lokasi rawan laka.
Uga ngedukasi supaya ora ana sing ngebut utawa ugal-ugalan neng dalan. Embuh kuwi kendaraan umum utawa pribadi.
‘’Kita terus ngimbau pangguna dalan sing liwat Ngawi tansah ngutamakake kaslametan, dudu kecepatan,’’ njaluke.
Sawetara Direktur Utama PT JSN Mery Natacha Panjaitan nambahi yen angka laka lantas neng tol Solo-Ngawi taun iki mundhak.
Januari-April 2024 iki, ana 11 kadadean. Periode sing padha taun kepungkur 10 kadadean alias mundhak sithik.
Dheweke ngeklem upaya ningkatake kaslametan lalu lintas neng tol terus ditindakake.
Nanging, faktor human error kerep dadi panyabab kadadean laka lantas neng tol.
Pihake njaluk para sopir leren saben 40 kilometer neng rest area utawa metu gerbang tol.
‘’Iki kanggo nyegah sopir kekeselen lan laka lantas,’’ Mery mungkasi katrangane. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono