Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | PKL Sor Jati Stadion Batoro Katong Ponorogo Kari Kenangan, Kabeh Kudu Boyongan Dina Iki

Satmiko Supraptono • Rabu, 1 Mei 2024 | 20:00 WIB
DADI PANGGUNG: PKL sor jati sakulone stadion Ponorogo dibongkar lan diboyong neng taman kota. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)
DADI PANGGUNG: PKL sor jati sakulone stadion Ponorogo dibongkar lan diboyong neng taman kota. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Kaanane para pedagang kaki lima (PKL) sisih kulone Stadion Batoro Katong, Kabupaten Ponorogo, kari kenangan.

Wiwit dina iki (1/5), kabeh kudu boyongan saka tlatah alas jati neng tengah kutha kuwi. Geser neng taman kota.

Lapak-lapak PKL kuwi digusur merga kanggo panggonan pembangunan panggung ekonomi kreatif (ekraf).

Panggung iki duweke Dinas Kebudayaan, Pariwisata, Pemuda dan Olahraga (Disbudparpora) Kabupaten Ponorogo. 

Miturut Ketua Paguyuban Pedagang Sor Jati Agus Purwanto, para PKL diwenehi wektu nganti akir April wingi (30/4).

Mula para pedagang siap-siap boyongan. Prabotan pawon, dagangan nganti meja-kursi diringkes kango diboyong.

Wiwit dina iki (1/5), kabeh ditarget kudu boyongan. Pinggir Jalan Pramuka iki kudu resik saka aktivitas dol-tinuku.

‘’Sesuk (dina iki, Red) pungkasan, kudu wis boyongan menyang lokasi anyar neng taman kota,’’ kandhane Agus.

Rencanane para PKL bakal dodolan neng sisih wetane taman, nanging agenda iki batal dileksanekake.

Mangarep, cacah 30 PKL iki bakal diwenehi panggonan neng pojok kulon lan kidul taman kota.

Rencana iki ditindakake merga posisi pedagang dibiji luwih strategis tinimbang neng lokasi sadurunge.

‘’Mengko urutane pedagang bakal dikopyok, sapa sing oleh kulon lan sapa sing oleh kidul,’’ sembunge. 

Agus lan para pedagang liyane wis legawa dadi bal pingpong merga kawicaksanan pemkab kuwi.

Kabeh ora duwe pilihan, merga rumangsa mung nunut urip menawa arep protes menyang Pemkab Ponorogo.

Nanging kabeh ngarep-arep janji dibalekake neng ngarep stadion yen pembangunan panggung ekraf wis rampung.

‘’Janjine dibalekake menyang ngarep stadion meneh. Sing cetha luwih nyaman neng kono,’’ Agus mungkasi kandhane. (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#disbudparpora #Ekonomi kreatif #Stadion Batoro Katong #pkl #ponorogo