KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Ora kaya nom-noman liyane, Fangky Affendi jarang dolan utawa nongkrong.
Wektune luwih akeh neng omah ora merga aras-arasen, nanging entek kanggo ngurusi kandange.
Neng mburi omahe nom-noman, warga Desa Metesih, Kecamatan Jiwan, Kabupaten Madiun, iki dadi ternak tikus putih.
Kira-kira ana 500-700 tikus sing diopeni. Usahane iki kawitane saka hobi sadurunge, ngingu kukukbeluk (burung hantu).
Dheweke ngarasakake dhewe kangelan golek pakan kanggo kukukbeluke. Banjur muncul ide ngingu tikus.
Fangky tuku patang paket indukan tikus putih saka kenalane neng Ponorogo nalika isih SMP taun 2016.
Sapaket regane Rp 70 ewu, indukan lanang siji lan tikus wedok papat. ‘’Dadi, sing pisanan ngingu 20,’’ kandhane wingenane.
Dheweke uga kepincut kancane sing kasil mbudidaya tikus putih kuwi saengga yen ingon-ingon luwih diseriusi.
Saiki, saben rong minggu pisan dheweke bisa panen 60 nganti 80 tikus putih.
Fangky nekat ngedol asil budidayane kuwi. ‘’Merga burung hantuku ya wis tak dol,’’ sembunge.
Tikus putih kuwi didol liwat grup media sosial (medsos) komunitas penghobi burung hantu lan reptil.
Tikus siji regane Rp 2.500 nganti Rp 5.000 sing isih cindhil utawa anakan. Yen afkiran utawa dewasa Rp 6.000.
Kanggo praktik laboratorium (biologi), bisa dibanderol nganti Rp 10.000 tikus siji.
Pelanggane saka Madiun Raya, wiwit saka Kota/Kabupaten Madiun, Ngawi, Magetan lan onorogo.
Bab omzet, munggah-mudhun saben minggu. Kira-kira Rp 300 ewu nganti Rp 400 ewu.
Sasuwene nglakokake usahane iki ana pengalaman sing aneh-aneh dialami fangky.
Contone, omahe kerep ditekani ula. Sing nggawe sedhih, ora mung mangsa nanging sok mung mateni tikuse.
Malah ana ula sing ora gelem lunga, nanging manggon neng kandhang saengga nggawe bingung lan wedi.
‘’Pengalaman sedhih liyane yen cuaca panas. Sedina bisa mati 10 nganti 20 tikus merga kepanasen,’’ jarene. (odi/aan)
Editor : Satmiko Supraptono