NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Komplotan begal praoto lan maling pikep ditekuk Tim Tiger Satreskrim Polres Ngawi.
Komplotan iki wis dadi buron wiwit rong wulan kepungkur. Telu ing antarane kepeksa dibedhil sikile merga nglawan.
‘’Pelakune ana lima, kabeh wis kecekel,’’ kandhane Kasatreskrim Polres Ngawi AKP Joshua Peter Krisnawan wingi (30/4).
Miturut Joshua, komplotan kuwi dicidhuk neng tlatah Jalan Raya Palur, Surakarta, minggu kepungkur.
Anak buahe ngendheg mobil pelaku Blazer B 1999 NZZ nalika arep maling neng tlatah Surakarta.
Pelaku telu nyoba nglawan petugas. ‘’Kita milih tindakan tegas terukur, kita sergap nalika arep maling mobil,’’ jarene.
Pelaku telu kuwi, Suyoko, 40, warga Desa Kendal, Kecamatan Kendal, Kabupaten Ngawi.
Ardian Ristiyanto, 36, warga Desa Kedung Liwung, Kecamatan Sawit, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah.
Nanang Hariyanto, 38, warga Desa Karangtalun, Kecamatan Imogiri, Kabupaten Bantul, Jogjakarta.
Penadah loro uga diamanake, Sunaryo, 46 warga Desa Kedungwaduk, Kecamatan Karangmalang, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah.
Sulisanto, 49, warga Desa/Kecamatan Sambirejo, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah. Penadah loro iki dicekel neng Sragen lan Ngawi.
Para pelaku keri dewe nindakake aksine malem Lebaran kepungkur neng Desa Kedungputri, Kecamatan Paron, Kabupaten Ngawi.
Tempat kejadian perkara (TKP) loro liyane sadurunge neng Desa Dadapan, Kecamatan Kendal, Kabupaten Ngawi.
Kasatreskrim nyebutake pelaku lima kuwi duwe tugas dhewe-dhewe. Pelaku telu kadhapuk eksekutor.
Klebu Ardian Ristiyanto minangka otak pencurian sing golek sasaran lan nggawe kunci bandrek.
Kabeh barang bukti (BB) malingan banjur didol neng penadah loro. BB pikep telu kuwi wis diamanake petugas.
‘’Kunci T lan mobil Blazer sing digunakake kanggo nindakake aksine uga kita amanake minangka BB,’’ sembunge.
Kasus iki isih dijerokake pulisi kanggo mbukak jaringan pelaku liyane lan mbokmenawa isih ana TKP liya. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono