Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Warga Pacitan Cilaka gara-gara Balon Udara sing Diwenehi Mercon Ciblok neng Ndhuwur Omah

Satmiko Supraptono • Kamis, 2 Mei 2024 | 15:00 WIB
NGGAWE CILAKA: Balon udara sing diwenehi mercon ciblok neng Tegalombo, Pacitan. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)
NGGAWE CILAKA: Balon udara sing diwenehi mercon ciblok neng Tegalombo, Pacitan. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun - Balon udara gedhe ciblok neng Dusun Grogol, Desa Tahunah Baru, Kecamatan Tegalombo, Kabupaten Pacitan.

Kadadeane kira-kira jam 07.30, Rebo (1/5) wingi. Warga cacah papat dadi korban.  

Kawitane, Katiyah, 74 taun, krungu swara ana barang ciblok neng ndhuwur omahe.

Dheweke banjur ngundang Marmin, 52 taun, lan Ivan Al Mutaqin, 14 taun, supaya mbatek kerdus sing ditaleni neng rangkane balon.

‘’Nalika balon didhunake, kerdus ciblok neng lemah lan sanalika mbledhos,’’ kandhane Kapolres Pacitan AKBP Agung Nugroho.

Merga kebledhosan kuwi wong papat dadi korban. Marmin tatu praupane, tangan loro, lan pupu loro.

Ivan uga tatu meh padha karo marmin.  Katiyah babras kempol lan dada kiwane. Sarmin  tatu kempol kiwa lan wetenge.

Kondisine Marmin lan Ivan paling parah lan kudu diplayokae menyang RSUD dr Harjono, Ponorogo.

Pulisi sing teka neng tempat kejadian perkara (TKP) banjur ngamanake pirang-pirang barang bukti.

Yakuwi, balon udara saka plastik sing diameter rangkane 1,2 meter cacah siji.

Mercon diameter rong sentimeter lan dawa 10 sentimeter, cuwilan kertas mercon,  lan cuwilan cor semen.

Uga cuwilan kerdus bekas teh kemasan lan tali senar sing dawane sameter werna ijo.

‘’Bakal kita leksanakake penyelidikan lebih lanjut lan mreksa saksi-saksi,’’ Agung mungkasi katrangane. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #mercon #balon udara #kapolres pacitan #tegalombo