MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun - Jembatan Gantung sing nyambungake Desa Pragak lan Desa Mategal neng Kecamatan Parang, Kabupaten Megatan, wis bisa diliwati meneh.
Sadurunge kreteg iki ditutup merga materiale ora ganep. Pirang-pirang baute dicolong wong ora tanggung jawab.
‘’Alhamdulillah wis didandani lan dibukak meneh,’’ ucape Kepala Desa Pragak Sutrisno wingi (1/5).
Miturut Sutrisno, baut sing dimaling kuwi ana ing sisih Desa Mategal. Akibate konstruksi jembatan kaancam pedhot.
Kanggo ngendhani bab sing ora dikepinginake, pihak desa loro banjur sepakat nutup sawetara minggu kepungkur.
Nanging, wus telung ndina keri iki jembatan gantung iki dibukak meneh sawise baute sing ilang digenti.
Nganti saiki, kasus ilange baut kreteg iki isih dislidiki pihak kepolisian merga wis dilapurake.
Uga dilapurake pihak kontraktor sing nggarap proyek iki supaya ditindaklanjuti nalika ana baut sing ilang.
Ilange baut kuwi konangan sawise Lebaran nalika ana pangendara sing liwat ngrasakake ana sing beda.
Sing sadurunge ora goyang malih krasa goyang-goyang nalika diliwati merga baute ilang kuwi.
Sawise dicek jebule sing ilang ora sithik, cacahe ana 50 baut sing ilang neng kreteg sisih kidul (Mategal).
Jembatan gantung iki dawane 80 meter lan ambane 1,8 meter, kakuatane maksimal ngemot wong 40.
Kreteg iki dibangun Kementerian PUPR 2023 kepungkur sapaket karo kreteg liya, kaya Gantung Jatim III.
Saiki baute sing ilang wis digenti merga isih dadi tanggung jawabe kontraktor sing nggarap proyek iki.
‘’Masyarakat wis bisa ngliwati meneh, akses rong desa uga luwih cepet,’’ Sutrisno mungkasi kandhane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono