Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | PKL Sor Jati Boyongan menyang Taman Kota, DLH Ponorogo Wanti-Wanti Aja Nganti Kemproh

Satmiko Supraptono • Jumat, 3 Mei 2024 | 19:00 WIB
TERBUKA HIJAU: Taman kota bakal dienggoni relokasi PKL saka sor jati Stadion Batoro Katong Ponorogo. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)
TERBUKA HIJAU: Taman kota bakal dienggoni relokasi PKL saka sor jati Stadion Batoro Katong Ponorogo. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kabupaten Ponorogo bingung lan ketir-ketir.

Kuwi yen para pedagang kaki lima (PKL) sor jati Stadion Batoro Katong boyongan menyang Taman Kota Kelono Sewandono

Taman sisih kulon lan kidul bakal dikebaki lapak, DLH kuwatir bakal ngganggu kebersihan lan kenyamanan pengunjung. 

Kepala DLH Ponorogo Gulang Winarno ngaku boyongane 30 PKL iki ndadekake pihake bingung lan ketir-ketir.

Miturut aturane, sembunge, ruang terbuka hijau (RTH) ora oleh dienggoni pedagang majemuk.

Apameneh yen daerah pingin nguber piala Adipura, pathokane kebersihan lan kenyamanan lingkungan.

‘’Nanging merga iki relokasi lan wis ditimbang-timbang, gelem ora gelem kudu gelem,’’ kandhane wingi (2/5). 

Gulang mung bisa njaluk para PKL naati aturan main yen manggon neng taman kota. Utamane njaga kebersihan.

Dheweke wegah yen aktivitas dol-tinuku kuwi nyebabake sampah lan wong nongkrong neng sembarang panggonan.

‘’Yen reget utawa kemproh, para pedagang uga rugi merga nggawe sing tuku ora jenjem,’’ jarene. 

Gulang nambahi yen proses relokasi sing diwiwiti Rebo (1/5) iki ditarget kudu rampung telung dina mengarep.

Pihake uga lagi nyiapake lokasi kaya mbabati pang-pangan wit lan mbyantu pedagang nggawe lapak.

‘’Kita suda cacahe tanduran sing ditegor. Malah, yen bisa aja nganti ana sing ditegor,’’ kandhane negesi. 

Bab suwene PKL manggon taman kota, Gulang ora weruh nganti kapan. Sawetara utawa magrok, dheweke uga ora weruh.

‘’Kita ngenteni pembahasan sabanjure karo dinas sing ana kaitane. Sawetara fokus nata taman dhisik,’’ Gulang mungkasi katrangane. (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#relokasi #Stadion Batoro Katong #dinas lingkungan hidup #pkl #ponorogo