JAKARTA, Jawa Pos Radar Madiun - Sedhela meneh atusan ewu calon jemaah haji (CJH) Indonesia bakal mangkat menyang Tanah Suci.
Pemerintah Arab Saudi wanti-wanti supaya para CJH tansah ngugemi lan ngleksanakake paugeran ibadah haji 2024 iki.
Salah sijine, Kementerian Haji dan Umrah Arab Saudi majibake para CJH wis nate vaksinasi Covid-19.
Sarat kuwi wis dirembug bareng karo Kementerian Kesehatan Arab Saudi lan diumumake Rebo (1/5) wektu kono.
Sarat kang utama, CJH wajib registrasi liwat aplikasi Sehhaty duweke Pemerintah Arab Saudi.
Ing aplikasi kuwi mengko muncul informasi jinis vaksinasi sing kudu dicukupi utawa diperlokake para CJH.
Ing antarane, jemaah saka Arab Saudi kudu wis vaksinasi Covid-19, influenza lan meningitis ing limang tahun keri iki.
Jemaah internasional, klebu saka Indonesia, uga kudu wis vaksinasi telung jinis kuwi. Nanging ora ditemtokake wektu suntike.
Saengga, vaksinasi Covid-19 neng Indonesia sing wis disuntikake 2021 kepungkur isih bisa kanggo nyukupi sarat iki.
Kementerian Agama (Kemenag) RI pancen durung ngetokake katrangan resmi bab sarat haji 2024 saka Arab Saudi iki.
Nanging, Kepala Pusat Kesehatan Haji Liliek Marhaendro nyatakake yen ora kabotan karo sarat vaksinasi Covid-19 kanggo CJH kuwi.
‘’Wis disiapake vaksine, kususe kanggo CJH sing durung vaksinasi Covid-19 lengkap,’’ kandhane Lilliek wingi (2/5). (wan/lyn/c6/fal)
Editor : Satmiko Supraptono