NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Jebakan tikus setrum listrik neng tlatah Kabupaten Ngawi mangan korban meneh.
Minggu (5/5) wingi, salah siji buruh tani dadi korban neng Desa Legokulon, Kecamatan Kasreman.
Korbane Kasiran, 51 taun, asal Desa Tawun, Kecamatan Kasreman, Kabupaten Ngawi.
Korban ditemokake tanpa nyawa merga kesetrum besangan tikus sing dipasang Suparman, 59 taun, warga Desa Kartoharjo, Ngawi.
‘’Kita wis nindakake olah tempat kejadian perkara (TKP),’’ kandhane Kanit Pidum Satreskrim Polres Ngawi Iptu Harli Prabowo.
Miturut dheweke, sing weruh kadadean iki kawitan Suparman dhewe kira-kira jam 08.00 esuk.
Suparman arep ngontrol ama tikus neng sawahe. Dheweke ndeleng Kasiran ngglethak lan tangan kiwane kejiret kawat sing ana setrume.
Kasiran minangka buruh tani sing nggarap sawahe Joyo Sudarmo, 60 taun, warga Desa Kandangan, Ngawi.
Sawahe sisihan karo sawahe Suparman. ‘’Jenasah korban banjur digawa menyang RSUD dr Soeroto kanggo divisum,’’ jarene.
Harli ndhuga korban tewas merga kesetrum besangan tikus listrik sing dipasang Suparman.
Saiki Suparman diamanake neng Polsek Padas. Pulisi uga ngamanake barang bukti (BB) arupa travo lan kawat listrik besangan tikus.
Yen kabukti salah, Suparman bakal kaancam ukuman maksimal 5 taun penjara. ‘’Isih dijaluki katrangan,’’ sembunge.
Sawetara Suparman ngaku menyang sawah merga arep mateni listrik besangan tikus sing dipasang.
Nanging nalika ngubengi sawahe dheweke malah nemokake Kasiran wis ngglethak neng sawahe.
‘’Aku sanalika lapur perangkat (desa), korban buruh tani neng sawahe wong liya,’’ kandhane Suparman. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono