Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tol Pacitan Isih Angen-Angen, Taun 2024 Iki Oleh Proyek Jalan Nasional Gedhene Rp 44 M

Satmiko Supraptono • Selasa, 7 Mei 2024 | 21:00 WIB
SALAH SIJI: Pemerintah pusat bakal ndandani dalan Ngadirejan-Bangunsari, Pacitan, taun iki. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)
SALAH SIJI: Pemerintah pusat bakal ndandani dalan Ngadirejan-Bangunsari, Pacitan, taun iki. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Proyek tol Jogjakarta-Lumajang sing bakal ngliwati tlatah Kabupaten Pacitan isih dadi angen-angen.

Merga proyek tol Pacitan iki lagi arep dibangun kira-kira 15 nganti 20 taun meneh.     

Nanging ora ateges kaanane dalan-dalan neng Pacitan sing ana saiki banjur ora digatekake.

Jalan alternatif Pacitan-Solo ros Ngadirejan-Bangunsari, contone. Bakal ndang dadi amba lan mulus taun iki.

Miturut Kabid Bina Marga Dinas Perkerjaan Umum dan Penanataan Ruang (DPUPR) Pacitan Imam Syafid, saiki wis proses lelang.

Proyek jalan wisata iki klebu ing Instruksi Presiden (Inpres) 3/2023 bab Percepatan Peningkatan Konektivitas Jalan Daerah.

Kementerian PUPR liwat Direktorat Jenderal Bina Marga wis nganggarake Rp14,6 triliun

Iki total nasional kanggo nangani 2.873 kilometer dalan-dalan daerah sing ana ing tanah air.

Sawetara Kabupaten  Pacitan oleh rong paket. Yakuwi ros Ngadirejan-Bangunsari sing gedhene Rp 23 miliar. 

Uga ros Jalan Abdul Rahman Hakim neng tlatah perkotaan Pacitan Rp 21 miliar. Teken kontrake kira-kira  24 Mei iki. 

Yen ora ana sanggahan ing proses lelang. Pekerjaan fisik bakal diwiwiti Juni wulan ngarep.

Balai Besar Pelaksanaan Jalan Nasional Jawa Timur-Bali (BBPJN Jatim-Bali) minangka pejabat pembuat komitmen (PPK) wis koordinasi karo PLN, PDAM lan Telkom.

‘’Kanggo identifikasi utilitas sing kena dampak,’’ Imam mungkasi kandhane wingi (6/5).

Angka Nyata

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #DPUPR #jogjakarta #lumajang #proyek tol #Kemen PUPR