NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Misteri kematian Saminten, 64 taun, warga Desa/Kecamatan Bringin, Kabupaten Ngawi, 19 Maret 2024 kepungkur, wis padhang jingglang.
Iki sawise Polres Ngawi lan Kejari Ngawi nggelar reka adegan ulang neng Lapangan Tenis Mapolres Ngawi wingi (7/5).
Rekonstruksi kepeksa ora dianakake neng tempat kejadian perkara (TKP) merga ditulak warga.
‘’Ora apa-apa, sing mesthi ora nyuda rekonstruksine,’’ kandhane Kasatreskrim Polres Ngawi AKP Joshua Peter Krisnawan.
Parsi, 67 taun, tersangka pembunuhan Saminten, bojone dhewe, dikeler. Ana 33 adegan sing ditindakake.
Rekonstruksi disekseni pihak kejari, kulawarga, lan tangga teparone pasangan suami istri (pasutri) iki.
Adegan diwiwiti nalika Parsi nelpon ponakane sing uga anak angkate supaya ngeterake panganan.
Sabanjure, adegan ponakane teka nggawa panganan lan ditampa Parsi kanggo sarapan.
Puncake, nalika Saminten leyeh-leyeh neng kamare lan girap-girap keweden merga arep dipateni Parsi gara-gara cekcok wengine.
Parsi ora nenangake bojone, nanging malah njupuk pethik (palu) lan nuthuki sirahe korban nganti ora obah.
Parsi banjur njiretake jarik neng gulune Saminten nganti nyawane ilang alias ninggal donya.
Supaya kaya nglalu (bunuh diri), jirete jarik diolehake neng panyanggane amben.
Sewise kuwi, Parsi thenger-thenger lan isih kober lungguh neng teras omah nganti pirang-pirang jam.
Nganti pungkasane dheweke bengok-bengok njaluk tulung saka kamar lan warga sing teka ndeleng jasade Saminten wis kaku.
‘’Motife tersangka ora marem karo ladenane bojone, sawetara korban duwe trauma sing luwih-luwih,’’ jarene Joshua.
Dheweke nambahi, korban ninggal donya merga dicekik nganggo jarik sing kabukak ing adegan 22.
‘’Sawise reka ulang adegan iki, perbuatan materil sing ditindakake tersangka dadi cetho,’’ Joshua mungkasi katerangane. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono