PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Masyarakat sambat bab tarif parkir neng Taman Kota Kelono Sewandono, Ponorogo.
Jalarane, wiwit Mei iki Pemkab Ponorogo nerapake tarif parkir kusus neng sakubenge ruang terbuka hijau (RTH) kuwi.
Miturut Peraturan Daerah (Perda) 11/2023 bab Pajak dan Retribusi Daerah, pitmontor ditarik Rp 3.000 sepisan parkir.
Agung Rochmad Setyawan, salah siji warga kabotan karo tarif parkir kusus neng sakubenge taman kota iki.
Apameneh, sakubenge taman iki dadi jujugane warga kanggo ngaso lan ngilangake kesel.
Dheweke nyebut ora cocok diarani objek wisata sing kudu nerapake tarif parkir kusus sing luwih larang.
‘’Yen rong ewu kaya panggonan liya isih dimaklumi, nanging yen telung ewu ya larang,’’ kandhane wingi (10/5).
Sawetara Kepala Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Ponorogo Gulang Winarno kandha yen parkir kusus diterape wiwit Mei iki.
Sadurunge Rp 2.000, nanging Pemkab Ponorogo banjur ngundhakake kaya objek wisata liyane. Contone, Telaga Ngebel.
‘’Merga kategorine papan wisata lan hiburan, dadi tarife parkir kusus. Uga ana karcise,’’ jarene.
Tarif kusus kuwi, sembung Gulang, diterapake neng sakubenge taman kota. Persise neng pedestrian ngarep taman.
Beda meneh karo parkir neng pinggir dalan sing mlebu ranahe dinas perhubungan (dishub).
‘’Juru parkir nggawa karcis, yen sing duwe kendaraan ora diwenehi karcis aja gelem mbayar,’’ sembunge.
Miturut Gulang, pihake ditarget Rp 500 yuta kanggo pendapatan asli daerah (PAD) saben taun saka retribusi.
Saliyane parkir kusus, uga retribusi negor wit, WC umum portable, kebersihan hotel lan toko, nganti area parkir duweke DLH.
‘’Kabeh retribusi kuwi mlebu kas negara, dadi ora ilegal,’’ Gulang mungkasi katerangane. (gen/sat)
Editor : Satmiko Supraptono