Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ora Ana Panggonan kanggo Gepeng neng Magetan, Patang Wulan Puluhan Diulihake menyang Asale

Aprilita Sari • Minggu, 12 Mei 2024 | 17:00 WIB
NGANGGU KETERTIBAN: Alun-alun Magetan dadi salah siji panggonan praktek gelandangan lan pengemis. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
NGANGGU KETERTIBAN: Alun-alun Magetan dadi salah siji panggonan praktek gelandangan lan pengemis. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ora ana panggonan kanggo gelandangan lan pengemis (gepeng) neng Kabupaten Magetan. 

Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Magetan ora bakal pilih kasih nertibake nganti ngulihake neng asale.   

Patang wulan ing 2024 iki (Januari-April) puluhan gepeng kena razia petugas penegak perda neng Magetan.

Total cacahe 34 wong. Yakuwi pengamen lima, badut 15, manusia silver 3, pengemis 2 lan anak punk 9.

‘’Kabeh asale saka daerah liya,’’ kandhane Kabid Penegakan Perda Satpol PP dan Damkar Magetan Gunendar wingi (10/5). 

Titi-titik rawan praktek gepeng neng Magetan ing Sukomoro, Cepoko,  Panekan, Gorang Gareng, Maospati, Karangrejo lan Barat.

Kadhang kala neng fasilitas umum kaya alun-alun uga ana. Prakteke kaya pengunjung umume. 

Uga nganggo sandhanga normal, saengga angel dideteksi petugas Satpol PP dan Camkar Magetan.

Pirang-pirang titik rawan kaya lampu bangjo wis dipasang plang sing isine perda bab larangan nggepeng. 

Sanajan wis dicekel lan diulihake neng tlatah asale nanging ana sabagean sing ora kapok lan balik meneh.

Saliyane nertibake, pihake butuh kesadaran masyarakat supaya ora menehi dhuwit neng panggonan sing dilarang. 

Dheweke ngarep-ngarep  masyarakat uga melu njaga ketertiban. Carane ora menehi dhuwit marang gepeng.

‘’Saengga kaanane gepeng sing kerep nggawe masyarakat sambat ora njamur neng Magetan. Merga aturane pancen ora oleh,’’ Gunendar mungkasi katerangane. 

Sing wis diulihake neng asale:

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #manusia silver #pengemis #satpol pp #gelandangan