‘’Kabeh aparatur pemdes kudu njupuk pelajaran saka kadadean iki supaya ora nular neng desa liya.’’ (EKO MURYANTO, Kepala DPMD Kabupaten Magetan)
MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ndhekem neng krangkeng wesi kuwi pancen ora penak. Adhem!
Iki dirasakake banget Kepala Desa (Kades) Ngariboyo Sumadi sasuwene mlungker neng Rumah Tahanan (Rutan) Kelas II-B Magetan.
Senen (13/5) iki, oknum kades ing Kabupaten Magetan kuwi rencanane arep dipreksa meneh karo Kejaksaan Negeri (Kejari) Magetan.
Sumadi wis ditetepake minangka tersangka kasus dugaan tindak pidana korupsi (tipikor) Dana Desa (DD) 2018-2019.
Nanging tersangka sing ngrugekake negara Rp 209,6 yuta iki pingin ngajokake penangguhan penahanan.
‘’Iki penjalukane tersangka lan kulawarga,’’ kandhane Ahmad Setiawan, penasehat hukum (PH) Sumadi, wingi (12/5).
Miturut Ahmad, surat penangguhan wis digawe, penjamine bojo lan anake tersangka dhewe.
Prekara disarujuki utawa ora, sembunge, murni kawenangane penyidik JPU (jaksa penuntut umum) Kejari Magetan.
Ahmad uga mesthekake yen alesan penangguhan penahanan dudu merga tersangka lara. Nanging merga isih njabat Kades Ngariboyo.
‘’Samesthine, kades isih dibutuhake tanda tangan surat utawa dokumen sing diajokake wargane,’’ jarene.
Sawetara Kepala Dinas Pemberdayaan Masyarakat dan Desa (DPMD) Kabupaten Magetan Eko Muryanto prihatin karo kasus iki.
Nanging uga nggetuni prilakune oknum kades sing dibiji kurang wicaksana lan amanah anggone ngelola DD.
Pemkab kepeksa bakal memberhentikan sementara Sumadi saka jabatan kades sing dhasare penetapan tersangka saka kejari.
‘’Ora suwe meneh, kita bakal ngangkat Plh Kades Ngariboyo, saka sekretaris desa (sekdes),’’ kandhane.
Kanggo kawruh, Kades Ngariboyo Sumadi diduga nggawe Spj fiktif ing proyek pembangunan gedung serbaguna desane.
Liwat camat, Pemkab Magetan berjenjang wis nindakake pendampingan lan pembinaan uga monev berkala.
‘’Kabeh aparatur pemdes kudu njupuk pelajaran saka kadadean iki supaya ora nular neng desa liya,’’ pangarep-arepe. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono