Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Mercon Balon Udara Mbledhos neng Ponorogo, Korban Papat Luka Bakar, Ngene Kadadeane

Satmiko Supraptono • Selasa, 14 Mei 2024 | 16:00 WIB
NGGAWE CILAKA: Gambar saka medsos nalika balon sing arep diiberake durung mbledhos. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)
NGGAWE CILAKA: Gambar saka medsos nalika balon sing arep diiberake durung mbledhos. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Warga Dusun Tengah, Desa Muneng, Kecamatan Balong, Kabupaten Ponorogo, geger.

Kira-kira jam 06.00, Senen wingi (13/5), dumadakan ana swara mbledhos sing banter banget.

Jebule, swara sing bantere kaya bom kuwi saka balon udara diwenehi  mercon mbledhos sadurunge diibereke. 

Miturut Kapolsek Balong AKP Agus Wibowo, sing mbledhos kuwi mercon balon udara sing dipasang nom-noman desa kono.

Merga durung nganti miber, bledhosane ngenani papat remaja sing lagi nyiapake balon rakitan kuwi.

Para remaja iki arep ngiberake balon lan nalika nyumet mercon sanalika mbledhos ngenani wong neng ngisore. 

Nom-noman papat ngalami luka. Salah sijine diplayokake menyang  RSUD dr Harjono merga luka bakar luwih saka 60 persen.

IND, remaja 14 taun iki diduga persis neng ngisore balon udara nalika kadadean mbledhos.

Kapolsek mesthekake bakal ngetrepake proses hukum marang sapa wae sing nggawe lan ngiberake balon udara.

Klebu panyumbang danane uga diburu. Sayange, saliyane IND, pihake kangelan nylidiki korban telu liyane.

‘’Merga kulawargane nutup lawang lan ngrawat neng omahe dhewe- dhewe,’’ sembunge Kapolsek. 

Sawetara Agustina Wulandari, dokter jaga ing IGD RSUD dr Harjono kandha yen IND dirawat intensif.

Korban ngalami luka bakar ing pirang-pirang bagean awake, kaya tangan, geger nganti sikil.

Malah rambute uga kobong. Dheweke uga nyebut kondisine pasien stabil sawise ditangani. 

Agustina nyebutake menawa pasien ngalami luka bakar luwih saka 63 persen, sing paling nemen panggonan sensitif.

Nalika mlebu IGD, kondisi korban lemes. ‘’Kondisi mayoritas melepuh, ora pati jero,’’ jarene. (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#kapolsek #Balong #balon udara #luka bakar #ponorogo