Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Satreskrim Polres Magetan Nyekel Bramacorah Tersangka Kasus Ganjel ATM, Ngene Kronologine

Aprilita Sari • Selasa, 14 Mei 2024 | 20:00 WIB
KOMPLOTAN: Pulisi nyekel Sugiyanto, warga Boyolali, tersangka kasus curat ganjel ATM neng Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
KOMPLOTAN: Pulisi nyekel Sugiyanto, warga Boyolali, tersangka kasus curat ganjel ATM neng Magetan. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Magetan - Satreskrim Polres Magetan kasil mbukak kasus sindikat pencurian dengan pemberatan (curat) ganjel ATM.

Pelakune cacah  loro, nanging lagi sing siji kecekel. Siji liyane mlebu daftar pencarian orang (DPO) alias buron.

Pelaku sing kecekel yakuwi Sugiyanto, 41 taun, warga Desa Gumulan, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah.

Sawetara pelaku sing mlebu DPO inisiale EW isih terus diburu petugas Satreskrim Polres Magetan.

Para pelaku nindakake aksine neng ATM Bank Jatim sisihe Dinas Pendidikan, Kepemudaan dan Olahraga (Dindikpora) Magetan.

Uga neng ATM Bank Jatim ing Kelurahan Selosari. Pelaku loro oleh dhuwit Rp 3,3 yuta saka aksine kuwi.

Miturut Kasi Humas Polres Magetan Kompol Budi Kuncahyo, para pelaku curat kuwi klebu bramacorah utawa residivis.

Pelaku nggunakake ganjel ATM. ‘’Ana laporan saka pihak bank lan nasabah sing ATM-e ora bisa dijupuk,’’ kandhane wingi (13/5). 

Untunge, tumindake para pelaku kuwi karekam CCTV, saengga nggampangake pulisi kanggo nyekel.

Sugiyanto kacathet nate kena kasus saemper ing taun 2017 kepungkur lan uga diproses hukum.

Ing taun 2018 pelaku mbaleni meneh tumindake, moduse uga padha, neng Sragen, Jawa Tengah.

Taun iki, pelaku loro nindakake aksine meneh neng rong panggonan tlatah Kabupaten Magetan.   

Satreskrim isih njerokake penyelidikan. Jalaran isi ana pelaku siji sing durung katangkep alias buron.

Apameneh alat bukti kanggo ngganjel ATM digawa pelaku sijine sing saiki isih durung kacekel.

Tersangka dijiret Pasal 363 ayat (1) ke 4e, 5e Jo 64 KUHP sing ancaman ukumane pitung taun merga residivis. 

Pihake ngarep-ngarep masyarakat tansah waspada nalika lagi transaksi neng ATM apa wae.

Kondisi mesin ATM kudu digatekake, yen ana barang nyleneh utawa nyurigani ndang lapur pihak bank utawa petugas keamanan.

‘’Tindak kejahatan kaya ngene iki kudu dadi wigati supaya ora ana korban liyane,’’ Budi mungkasi katerangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#Satreskrim #magetan #dpo #atm #Polres Magetan