PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Desa Sekar, Kecamatan Donorojo, Kabupaten Pacitan, duwe tradisi unik.
Yakuwi, upacara adat ceprotan. Upacara minangka bersih desa utawa nyadran iki wis mataun-taun dileksanakake.
Saben taun mesthi digelar. Persise saben Senen Kliwon, sasi Longkang utawa Sela miturut pananggalan Jawa.
Taun iki tiba ing Senen (13/5) wingi. Piye tata cara lan apa fiosofi ing walike tradisi iki? Semak tulisan iki.
Sore kuwi, srengenge alon-alon ndelep neng langit kulon. Lapangan Desa Sekar, katon saya regeng lan kebak warga.
Ana klompok massa loro nganggo busana sarwa-ireng jejer-jejer neng pinggir lapangan. Sebrangan lan adhep-adhepan.
Ora let suwe, ana aba-aba sing nandhakake “perang” diwiwiti. Rong klompok massa kuwi banjur balang-balangan atusan cengkir.
Bakal krambil sing dionceki kuwi wis dikum pirang-pirang ndina nganti empuk supaya ora nglarani yen kena awak.
Saka rinjing cengkir-cengkir iki dibandhemake rong klompok kuwi menyang ingkung neng tengahe lapangan nganti saenteke cengkir.
‘’Pangarep-arepe supaya masyarakat Desa Sekar gemah ripah loh jinawi,’’ kandhane Kepala Desa (Kades) Sekar Miswandi.
Miturut Miswandi, tradisi iki kanggo pepeling crita asmara Dewi Sekartaji lan Panji Asmorobangun.
Yakuwi, para leluhur sing dipercaya mbukak Desa Sekar. Kawitane crita iki saka ngumbarane Ki Godek lan Dewi Sekartaji.
Konon jarene, tlatah Pacitan sisih kulon iki ing jaman biyen isih arupa alas gung liwang-liwung.
Banjur ketekan pangumbara tuwa aran Ki Godek. Dheweke banjur mbabat alas sing saiki dadi Desa Sekar iki.
Ing sawijine dina, Dewi Sekartaji uga ngumbara nggoleki sang kinasih Panji Armorobangun tekan ing tlatah iki lan pethuk Ki Godek.
Dewi Sekartaji sing lagi ngelak njaluk tulung Ki Godek supaya nggolekake banyu degan (cengkir). Panjalukan kuwi dituruti.
Nanging Dewi Sekartaji ora ngentekake, malah nyiramake neng lemah saengga dadi sumber sing banyune nganti mblunthah.
Saka crita iki filosofi ceprotan dipercaya dadi cikal bakale Desa Sekar sing duwe sumber (mata air) mblunthah.
Tradisi ceprotan uga nuntun manungsa kanggo ngupaya nggayuh tujuane urip. Uga perlune tulung-tinulung ing masyarakat.
Donga minangka pangarep-arep marang Gusti Kang Maha Agung uga perlu banget kanggo nggayuh gegayuhan.
‘’Sawetara ingkung nglambangake menawa saben usaha mesthi ana asile,’’ Miswandi mungkasi katerangane. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono