NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Kasus kematian Diah Agustin Lestariningsih, warga Desa Semen, Kecamatan Paron, Kabupaten Ngawi, kabongkar.
Bocah wadon umur 17 taun kuwi ditemokake tiwas neng kamar kose Jalan Bendungan Sigura-gura, Kota Malang, 22 Desember 2022.
Kasus iki kabongkar sawise Polresta Malang nyekel pelaku pembunuhan 9 Mei 2024 kepungkur.
Terduga pelaku pembunuhan mahasiwi Universitas Malang kuwi Hisyam Akbar Pahlevi, warga Kota Malang.
Nom-noman umur 19 taun kuwi minangka putune sing duwe kos lan dicekel pulisi merga kasus narkoba.
Katerangan iki dikandhakake Kasatreskrim Polres Malang Kota Kompol Danang Yudanto Senen wingi (13/5).
Miturut Danang, sejatine Hisyam wis dicurigani minangka pembunuh Diah ing karotengah taun kepungkur.
Nanging pulisi ora bisa nahan pelaku merga kurang alat bukti. Saengga pelaku diculake wektu kuwi.
Nanging, 9 Mei 2024, Hisyam kecekel pulisi merga nggunakake ganja. Polres Ngawi banjur koordinasi karo Polres Malang Kota.
Nalika diinterogasi, Hisyam ngaku yen nate mateni bocah kos neng omahe mbahe 2022 kepungkur.
Pembunuhan kuwi ditindakake jam 01.00 tengah wengi. Sadurunge Hisyam pesta minuman keras karo kanca-kancane.
Dheweke banjur pamit tuku rokok. Nanging malah menyang kos-kosane mbahe munggah neng lantai loro njupuk peso.
Cekak carita, Hisyam mbukak kamare Diah. Dheweke ndeleng korban turu karo ngrangkul bantal.
Hisyam banjur nyolong hapene Diah. Nanging, ujuk-ujuk Diah tangi. Spontan Hisyam nyerang diah nganggo peso nganti tiwas.
Dina kuwi uga, Hisyam ngedol hape malingane neng Abdul Kodir, 48 taun, ing tlatah Pasar Comboran, Malang.
Abdul Kodir uga wis ditetepake dadi tersangka minangka penadah sing nuku hape Rp 570 ewu.
Akeh pasal sing dijiretake Hisyam. Sing paling abot bab Perlindungan Anak merga nalika nindakake aksine isih umur 17 taun.
Saiki pihak kepolisian isih nylidiki keterlibatan pemilik kos. ‘’Isih dislidiki luwih adoh,’’ kandhane Danang.
Kanggo kaweruh, anake pasangan Sukadi, 48 taun lan Jumini, 47 taun, kuwi lagi kuliah patang wulan neng Malang.
Korban arep mulih menehake dhuwit beasiswa kanggo wong tuwane. Uga njaluk dipapak neng Stasiun Paron.
Nanging nganti kereta api saka Malang teka, korban ora ketok. Dihubungi liwat hape uga ora aktif.
Kulawargane neng Ngawi lagi nampa kabar yen Diah ditemokake tiwas neng kamar kos sesuke. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono