Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sura Rong Wulan Meneh, Forkopimda Kota Madiun Coba Nyegah Konflik Antarperguruan Silat

Anggiyan Bayu • Rabu, 15 Mei 2024 | 20:00 WIB
ANTISIPASI: Pj Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto mimpin rakor pengamanan  Suroan lan Suran Agung. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
ANTISIPASI: Pj Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto mimpin rakor pengamanan Suroan lan Suran Agung. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Madiun uga jejuluk Kota Pendekar, merga ana welasan perguruan pencak silat neng kene.

Saben sasi sura ana loro perguruan sing duwe gawe gedhen. Yakuwi tradisi Suroan lan Suran Agung.

Tradisi iki duwe potensi konflik antarperguruan, mula forkopimda kene perlu ngrembug antisipasine wingi (14/5).

Miturut Penjabat (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto, kutha iki isih ana potensi (konflik, Red) sithik.

Kanggo nyegah, perlu dirumusake standard operational procedure (SOP) bab sapa wae sing tanggung jawab.

‘’Kita sepakat Kota Madiun kudu aman, nyaman, lan kondusif,’’ kandhane Eddy sawise rapat.

Eddy uga njaluk perguruan pencak silat ndukung pengamanan. Liwat netepi aturan sing wis disepakati bareng-bareng.

Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto uga nyebut nyiapake pengamanan Suroan lan Suran Agung penting.

Apameneh tradisi Suroan lan Suran Agung kari rong sasi. ‘’Perlu kita siapake pangamanane wiwit saiki,’’ jarene.

Pihake njaluk perguruan pencak silat ndang nyusun rangkaian lan konsep kegiatan Suroan lan Suran Agung.

Saengga, pihake uga bisa sacepete ngrumusake rencana lan pola pangamanan sing arep ditrepake.

‘’Kita ora bisa mlaku dhewe, kudu bareng-bareng. Klebu perguruan pencak silat, wiwit pusat nganti ngisor,’’ sembunge.

Miturut Agus ana pirang-pirang faktor  pemicu potensi konflik sing kudu diantisipasi.

Kaya konvoi utawa mobilitas massa gedhen, knalpot brong, nganti konsumsi minuman beralkohol (minol).

Mula, pihak kepolisian ora bakal menehi panggonan kanggo oknum-oknum sing sengaja arep nggawe konflik.

Pihake uga bakal nindak teges sapa wae sing terlibat ing samubarang bentuk ancaman kondusivitas wilayah.

Samubarang kegiatan sing ora apik kudu dienteke nganti resik supaya ora ana konflik antarperguruan.

‘’Kudu tetep njaga karukunan,’’ welinge mantan Tutor Madya Lemdiklat Polri iki. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#suran agung #pencak silat #Kota Pendekar #madiun #suroan