Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Akademisi Insuri Ponorogo: Ngiberake Balon Udara Ora Patut Dadi Tradisi ing Idul Fitri

Satmiko Supraptono • Kamis, 16 Mei 2024 | 01:18 WIB
MANGAN KORBAN: Balon udara tanpa awak sing diwenehi mercon mbledhos neng Balong, Ponorogo. (MEDIA SOSIAL)
MANGAN KORBAN: Balon udara tanpa awak sing diwenehi mercon mbledhos neng Balong, Ponorogo. (MEDIA SOSIAL)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun -  Ora pisan pindho balon udara tanpa awak njalari cilaka, wiwit wong kebledhosan mercon nganti nyababake omah kobong.

Kadadean Senen (13/5) wingi, contone. Ing Kecamatan Balong, mercone mbledhos sadurunge balon miber. 

Kacathet ana korban papat sing ngalami luka bakar. Malah salah sijine nemen, nganti 63 persen awake.

Miturut Wakil Rektor III Insuri Ponorogo Murdianto, pakulinan ngiberake balon udara ora patut dadi tradisi ing Idul Fitri.

Apameneh wiwit pirang-pirang taun keri iki. Masyarakat saya jor-joran, gedhe-gedhenan ukuran  lan diwenehi mercon.

‘’Biyen balone cilik-cilik uga ora ana mercone, saiki sanajan kreatif nanging angel dikontrol,’’ kandhane.

Anane klem yen balon udara minangka tradisi masyarakat Ponorogo, sembung Murdiyanto, patut dadi pitakon.

Jalaran, nganti saiki ora ana siji wae literatur sing nerangake bab iki. Saengga klem kuwi mung persepsi tanpa dhasar ilmiah.

Mula dheweke njaluk pakulinan ngiberake balon udara tanpa awak sing diwenehi mercon dipungkasi cukup semene wae.

Akademisi iki ngusulake supaya pakulinan sing resikone gedhe iki disalurake ing kegiatan sing positip.

Contone, festival balon udara nganggo awak. Nanging sadurunge kudu dirembug  bareng budayawan, TNI-Polri lan pamarintah.

Yen digarap tenanan lan dadi agenda rutin, dheweke yakin bisa dadi potensi pariwisata neng Ponorogo.

‘’Kudu ana kajian sing trep kanggo nyalurake kreativitas masyarakat supaya ora mbebayani,’’ Murdiyanto negesi katerangane.

Sawetara Satreskrim Polres Ponorogo wis mreksa 15 saksi ing kasus iki. Mirise, 10 ing antarane isih di bawah umur.

Malah ana wong wadon loro sing melu ngiberake balon udara tanpa awak. Lan kadhapuk dadi bendaharane.

‘’Tugase dhewe-dhewe, ana sing ngumpulake dhuwit, ana sing ngrakit lan liya-liyane. Proses hukum mlaku terus,’’ kandhane Kasatreskim Polres Ponorogo AKP Ryo Pradana wingi (14/5). (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#idul fitri #tradisi #Balong #balon udara #Insuri Ponorogo #ponorogo